PAMIKIRAN ALA BISA GAWE KATIWASAN
kapacak uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2076553415957118&id=1684548218490975
Ana sawijining priya kang lagi keblasuk ing tengahing ara-ara pasir lan saking ngelake rasane kadya wis meh mati, banjur tumeka ing omah kosong.
Ing kono katon ana sumur pompa
njur dheweke marani nuli nyoba mompa sakuwate nanging banyune tetep ora metu.
Karo ngos-ngosan lan clingukan dheweke weruh ing cedhak pompa ana kendhi katemplekan kertas tinulis surasane :
"Sedulur.., pompa iki kudu dipancing dhisik nganggo banyu migunake cidhuk. Aja lali sawuse entuk banyu, kendhi iki kudu diisi maneh sadurunge ninggalake papan iki!"
Wong iku enggal bukak tutup kendhi lan meruhi dene kendhi iku kebak banyu.
Pangudarasane :
"Apa banyu iki kudu dianggo mancing pompane?
Yen ora bisa kasil piye yen banyune tetep ora metu?
Piye yen nganti gagal kamangka lakuku isih adoh timen.
Apa ora luwih becik banyune tak ombe lan turahane dak gawa?
Kena apa aku kudu nuruti piweling bodho iki?"
Ngono kira-kira sing dadi pamikirane.
Werna-werna kang nggegilut ing jroning pamikiran sing sarwa kurang trep.
Wekasane dheweke njur arep njupuk kendhi iku lan nedya ngombe banyune turahane arep digawa.... Nanging kocap kacarita nalika kendhi diangkat dhuwur-dhuwur arep ngglegeg banyune dumadakan mak PRAKKK... kendhine pecah ambyar.
Jebulane ing silite kendhi iku ana kawat sing ditaleke supaya kendhi iku ora digawa lunga wong sing arep ngombe... lha saking kesusune ora nglegewa yen kendhi mau njur pecah kamangka durung nganti satetes-tetesa banyu sing bisa diombe.
Jenggeleg ugeg-ugeg wong iku keduwung gela banget dene kok ora mituruti apa kang wus katulis ing kertas pangeling mau.
Kamangka lakune isih adoh dheweke kentekan ora duwe banyu babar pisan.
Eliding cerita iki :
Para kadang, asring kita duwe pamikiran ala kang tansah sangga runggi utawa sujanan ora gelem nampa lan pracaya marang pameling kang wus kita adhepi.
Pengine nedya ngowahi uripe nanging ora gelem upaya lan tetep bae nglakoni kaya adad saben dinane.
BANJUR APA SING LUPUT?
sing luput ya carane mikir kita
Tony Buzan ing bukune Map of Mind ngandharake yen sejatine sing luput iku carane mikir kita ora gelem owah malah gawe susah.
Lamun kita kepengin ngowahi urip kita, owahana carane mikir, buwangen sing adoh pamikiran sujana mring apa bae tansaha mikir becik, gatekna pepeling kang katampa aja nyepelakake apa bae warta sing diwenehake dening wong liya, petanana ala becike aja nganti kejlungub bujukan sing ora ana dhasare... eling lan waspada iku utamakna.
Sumangga!
JM, lingsir sore, 130418
karonce dening eNPe

Komentar
Posting Komentar