CANCUT TALI-WANDA
(kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2147808065498319&id=1684548218490975 )
He pra pandheganing praja, pra pangreh praja ya kawulaning praja,
aywa padha regejegan catur cinatur ala,
padha elinga dene sira iku nunggal bangsa,
padhadene warganing praja ya Negara Kesatuan Republik Indonesia.
Payo cancut tali-wanda,
sayuk-sayuk rukun bebarengan ambangun nagara,
mrih lestarinya urip bebrayaning praja,
nagara MARDIKA kerta raharja.
Rukun gawe santosa crah mung bubrah wohira,
ngestokna sabdeng Gusti tresna sapepadha,
nadyan panemu beda nging tan samya sulaya,
olah kawicaksanan tan nang-menangan.
JM, lingsir wengi, 21718
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar