UPAYA KAMAJUWAN PRIBADI

Ing satengahing kulawarga ana bocah siji jejere anak ragil jenenge Yusup kang dadi anak-kinasihe bapake tinimbang sedulur-sedulur liyane. Yusup ditresnani banget dening bapake kabukten nalika bapake kondur seka manca dioleh-olehi klambi sing elok dhewe tinimbang sedulur liyane.

Yusup katon luwih misuwur ing satengahe sedulur-sedulure. Iki amarga katresnane bapake mring Yusup kepara banget lan luwih migatekake tinimbang para sedulure. Apa maneh Yusup duwe sipat wadulan marang bapake bab kenakalane para sedulure. Ya iki sing njalari para sedulure sengit marang Yusup.

Sesengitan sangsaya ndadi nalika Yusup nyritake impene. Jroning ngimpi, gambarake lamun dheweke luwih dhuwur lan diurmati dening sedulur-sedulur liyane. Ya mesthi bae iki sangsaya ndadekake tambah sengite sedulur-sedulure marang Yusup.
Rasa sengit sedulur-sedulure Yusup mring dheweke rak ya temtu dudu patrap sing bener, arepa iki patrap kang nora bisa diselaki? Gusti Allah ngersakake lan paring pacoban mring kita kepriye anggon kita asih-angasihi ing antarane siji lan sijine. Yen padha dene sesengitan, apa ya isih duwe rasa asih ana jroning ati kita?

Ananging, apa ya ora lamun kita uga asring duwe patrap lan tumindak kaya mangkono? Coba digagas kita nora seneng nyawang wong liya luwih misuwur, kita kerep larang eseme rikala wong liya luwih maju. Andadekake kita lali amrih bisa uga ngupaya kamajuwan pribadi marga umyek nandhing-nandhingake karo wong liya.

Eliding tuladha,
Ayo kita wiwit sinau baka sethithik nyingkirake pamikiran kaya mangkono mau. Aja buwang-buwang tenaga amung kanggo nyengiti sapepadha, sabisoa kanggo bab kang migunani. Kita kudu bisa ngudi kemajuwan dhiri-pribadi migunakake apa sing wus kaparingake dening Gusti Allah. Krana mangkono kita bisa luwih migunani lan dadi dalane berkah tumraping sapepadha lan kamulyaning Gusti.
Pandonga : "Dhuh Gusti, mugi pinarengaken kula sadaya saged ngudi kemajengan dhiri-pribadi kangge margining berkah mring sesami saha kamulyaning Asma Paduka, Amin!"

JM, lingsir wengi, 12718
        dening eNPe
  (kapacak uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2137817723164020&id=1684548218490975

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN