Postingan

KAPOTANGAN SAMBUTAN ANJALARI BENJOL

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid031k52xmGDHLrtuXDifMwPxsG7PaoKYvftzWD3aqoDjNzkYBaPfSWTumpDTfpb79QCl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Kawuninga bilih ing jaman kang sarwa majeng ing dinten samangke kathah para warganing ratmaya sami lena mendhet seserepan ing kemajengan pawarta ingkang sliweran. Pawarta kang kalebet pinitados punapadene warta ingkang ngayawara kang kasebat 'hoak' /palsu. Ingkang badhe kula aturaken ing ngriki conto bab ramenipun pawarta kapotangan sambutan mliginipun lumantar 'pinjol.' kang njalari bendhol/benjol. đŸ€ȘđŸ«  Menawi pun gagas estu adamel ngelus dhadha. Cobi ta kadospundi boten ngelus dhadha, wonten tetiyang ingkang gadhah sambutan/potangan dumugi 'MM-an' ngantos tega merjaya semahipun, sedherekipun utawi tiyang sepuhipun jalaran boten saged ngwangsulaken yatra ingkang punsambut. Kapireng ugi warta kadadosan ingkang dereng dangu kapengker, wonten tiyang ingkang badhe 'nyaleg' punjan...

AJA KELALEN TANPA KENDHALI

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0SfU31p4RbhonZ5DN9ot9GELJ2tJZ7bYBtPqWYYdJYc8MD4rFzrgAtDXSt6FbAi9il&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Ing donya iki ora ana kang asipat langgeng. Sarosa-rosane kita ngupaya angukuhi apa kang kita darbeki, bakal ana pungkasane kajabel. Ya ana mangsane sukarena ana mangsane uga duhkita, ana mangsane sarwa kacukupan ana mangsane kekurangan. Kacarita ing sawijining nagari jumeneng sang nata kang nduweni pangwasa agung. Kaprajane kondhang tumeka njaban nagari sing dieringi dening mungsuh-mungsuhe lan para sekuthone.  Ora mung samono bae solah-tingkahe, dheweke yasa allah liya kang dadi pepujane disembah sarta ngereh saben andhahan lan rakyate supaya nyembah allahe iku kanthi ngiming-imingi ngalap berkah lan kaluhuran semu. Iya krana kadigdayane para mungsuhe tinaklukake, kabeh padha urmat nurut pangrehe sang nata mau. Nanging iku kabeh ora andadekake pangwasane langgeng. Tiba wancine nalika sang...

LÊLABUHAN URIP

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02F9D4jEJDdqFpmFfBmNXsqq6uiuH5BfFC9bVV3ESwTRmZFPzaN66CbZXGRSygWkGVl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Sangganing urip tan kĂȘnĂ„ kinĂ„yĂ„ngĂ„pĂ„; mobah-mosiking kawulĂ„ kadyĂ„ sinĂȘngkĂ„lĂ„; kinubĂ©ng sĂȘsriwutan madal pĂ„dĂ„yĂ„ntrĂ„; tumrĂȘcĂȘping gĂ„ndĂ„ asĂȘp mĂ”ntĂ”r agawe sĂȘsĂȘg ing dhĂ„dhĂ„. MĂȘnyang isuk mulih surup samyĂ„; tan nate kĂȘtĂȘmu sumĂ”rĂ”ting radityĂ„; sadalan-dalan pĂȘtĂȘng kang pinanggyĂ„; kadikĂ„yĂ„ sumpĂȘking nĂ„lĂ„ kang sulĂ„yĂ„. Amung lĂȘlabuhan wajibing urip puniki; yĂ„ darmaning kulĂ„wargĂ„ dĂšn ayahi; anyadhĂ”ng bĂȘrkahing Gusti; mugyĂ„ kasĂȘmbadan kang kaĂšsthi. JM, parak esuk, 251123            ✍️ eNPe ✍️           [^__^]  [^__^]

SACANGKIR KOPI -pasemon-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02Mq83adqVXVzDaH8ADFuyNq7Un2ngJFay7gjwuUJ8RsVzT72CcjkStg2xSNbAgmhDl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc   Sajrone acara pul kumpul, saperangan para wetonan pawiyatan sowan nemoni bapak gurune. Swasana gayeng kae padha nyritaake uripe kang sarwa moncer ya ing pagawean ya urip pribadine. Ana sing dadi direktur BUMN, ana sing dadi direktur Bank, juragan sugih, dokter, arsitek, konsultan lsp. Mirsani para muride mau bapak guru enggal tindak menyang pawon saprelu mundhut sateko kopi panas lan saperangan cangkir sing beda-beda wujude, ana sing seka kristal, beling, keramik, melamin lan plastik. "Wis.., wis... ngobrole kandheg dhisik. Iki bapak wus nyawisake kopi kanggo kowe kabeh", ngendikane bapak guru. Meh bebarengan, para murid rebutan milih cangkir kang apik dhewe sing bisa kacandhak. Wusana ing meja ana sing keri siji yaiku cangkir plastik elek dhewe wujude. Sabanjure, sawuse kabeh padha nggu...

GUSTI MUGI NUNTUN KAWULÅ -rĂȘrĂȘpĂšn pangajĂȘng-ajĂȘngan-

        kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0UQvFHjp3fKmNDgFJuLWdCg9KATjNuauu8JQousr9sRpdn1CGf74QN7CYPhPPtxKPl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc     Gusti mugi nuntun kawulĂ„     amrih tansah manut PadukĂ„.     Nadyan ribĂȘd gilir gumanti,     tamtu kulĂ„ kadugi nyanggi.     Gusti mugi nglanting kawulĂ„,     amrih sagah nyigĂȘg bĂȘbĂ„yĂ„.     Nadyan awrat kadĂ”s punĂ„pĂ„     tatag, uwal saking dursilĂ„.     Gusti mugi nunggil kawulĂ„,     murih kadugi nglawan godhĂ„.     TĂȘmah kawulĂ„ wijĂ„yĂ„ ing yudĂ„     wit wontĂȘn ing auban PadukĂ„. JM, bangun-esuk, 181123          ✍️ eNPe ✍️          [^__^]  [^__^]

MENYANG SUROBOYO MUDHUN ISRAEL ?? -dongenge Mukidi-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0VvB672NGYvsSyjoAvrTjHtPqcmMrp33Ef16Y26dV1PiH93shs9z2h7cqDgMiQU2pl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Sawijining dina Mukidi lunga menyang Suroboyo. Sawuse mudhun ing terminal Osowilangun, Mukidi salin bis kota jurusan Jl. A Yani. Mukidi lungguh jejer bapak sepuh sing mau munggah saka Lamongan, Mukidi nunggang seka Babat.  Mukidi nyoba ngaruh-aruhi. "Mbah badhe mandhap pundi?" "Mudhun Israel!", ngono wangsulane, bacute meneh, "Aku nang kono nunggoni sedulurku sing lagi lara." "We laa dalah, niki teng Suroboyo mbah, mosok onten Israel, dumeh wau dalu kedangon mirsani perang Israel - Palestina ing pawarta tv nggih", wangsulane Mukidi rada lirih kuwatir yen bapak sepuh iku sulaya. Ora let suwe, njur bis-e mandheg nang ngarepe Rumah Sakit Angkatan Laut, kondhekture bis bengok, "Er es a el, Er es a el !" (RSAL), banjur bapak sepuh mau menyat lan mudhun karo gremeng...

PANGUDARASA KAHANANING NAGARI

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02KgWPi6jEW367TzPbaVPLfEtnxJcubuDd1pe8cfSQY545FfNqNc3DQYrATwnh6PG1l&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc  Kapan bangsaku iki bisa nyawiji gotong royong ambangun praja kang subur? Saiba yen ta para pandhegane nagari, para ahli sing misuwur, para tukang ngomong (sing mlebu tipi-tipi), tukang mada lan tukang nacad mring liyan (kamangka datan nate aweh pisungsung mring kamajuwane bangsa lan nagari iki) wiwit keduwung lan kawiyak pikire saha kabeh bisa nyingkuri adad kang ala nuli dadi pribadi kang luhur bebudene temahan nyawiji gegandhengan tangan cancut taliwanda.  Aweh pamikiran-pamikiran kang maedahi samya gotong royong ambangun praja kang gemah ripah loh jinawi tumuju kawulaning nagari adil lan makmur tentrem raharja. Kaya ngapaa bae saiba dhuwit sing diunthetke tukang unthet bisa bali mring nagara & kawula nagari, nagara bakal bisa aweh pawiyatan lan usada lelahanan/gratis nya...

BAGYÅ NGGÈN PUNTAMPI

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0AUMr98fHvDsk2NfiEtRFTxa9E3DWatv9jznbEmSjth4259k89rh7a5QhQfEdE91Xl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc PrĂ„ kadang rĂ„kĂ„ dalah rayi Kangmbok tuwin adhiajeng sadyĂ„ BagyĂ„ nggĂšn puntampi KasugĂšngan gyĂ„ abyĂ”r mring kitĂ„. Amba punrinĂȘnggĂ„ prĂ„ sami RinĂȘngkuh kadyĂ„ sarirĂ„ puniki Kang datan kĂȘndhat ing pamuji RintĂȘn-ratri dĂšnyĂ„ suwawi Samudya krĂȘntĂȘging nĂ„lĂ„ ngriki Konjuk mring Hyang Widi. Sih nyĂ„ rumĂȘntah mring kitĂ„ sadyĂ„ MugyĂ„ tansah sumilir-mili Kraharjan pinanggih samyĂ„ SumĂ„nggĂ„ prĂ„ kadang samyĂ„ Mung tansah mbudidĂ„yĂ„ sinartan pujĂ„ ngastĂ„wĂ„ Sumendhe mring PangĂšran tĂȘmah ngambah pĂȘpadhang Tan sande linuwaran tĂȘmah sinung kraharjan. JM, lingsir ratri, 101123         ✍️ eNPe ✍️        [^__^]  [^__^]

PITUTUR_LUHUR -klumpukan sanepa-

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0pUYeysZHghZTtoStiwNxn89UA5TszidCrQxuwWsk9WoPnV7WezUbSR6Fp1GZAA3Dl/?mibextid=2JQ9oc “Sugih ngĂšlmu tanpa meguru” Pitutur bab kaluhuran budi bisa winujud hamung amarga kapribadĂšn kang luhur datan saka sinau. “Wong tuwa kang ora gelem mamulang marang putra wayahĂ©, iku dudu wong tuwa” Pitutur tumrap kulawarga, samangsa wong tuwa durung bisa anggulawenthah ndhidhik putra wayahĂ©, nora mĂšmper sinebut wong tuwa. “GolĂšk jodho aja mung mburu Ă©ndahing warna, bibit bĂšbĂšt lan bobot dĂšnnya ugemi ” Pitutur tumrap kulawarga pratĂ©la golĂšk jodho iku aja hamung mburu kang Ă©lok rupanĂ© baĂ©, prelu mangretĂšni asal-usulĂ© kulawarga, duwĂšni kapribadĂšn kang luhur lan kawasisan anggonĂ© dadi jejering kepala kulawarga. “Tumrap wong wadon, anak kang dadi wohing among asih” Pitutur tumrap kulawarga mratĂ©lakakĂ© dĂ©nĂ© minangka Ibu, anak iku mujudakĂ© wohing sih katresnan. “Putra wayah wulangen marang kautaman, perdinen susilĂšng tata, s...

KAJUJURAN NUWUHAKE BERKAH -crita tuladha lan wulangan-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02hVV3pV4qFSPfCPrzp2QrWPZSta8vV53MjZkHWLKqrGBoWaJGfafWvvej3T1tpnBBl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Salim tukang angon wedhus uripe sarwa kesrakat manggon ing gubug reyot karo pakne-mbokne ing desa sapinggire kutha. Pendhak esuk Salim nggiring wedhus-wedhuse ing tanggulan kali kang subur sukete ora adoh saka gubuge, mulihe sore sadurunge magrib.  Masiya uripe kesrakat sarwa kakurangan, Salim duweni sipat mulya kang diwulangke wong tuwane wiwit cilik yaiku KAJUJURAN. Ya krana kajujurane Salim disenengi wong akeh, nganti ana wong sing sugih ing desane ngragati sekolahe tumeka tamat SMA. Sawuse tamat SMA Salim tetep urip ing desa ngancani wong tuwane sing wus umur lan lara-laranen. Awan iku Salim lungguh ing pinggir kali karo nyawang wedhus-wedhuse sing lagi nggayemi suket, kala-kala nyawang iline banyu kali. Dumadakan pandulune nyawang tumuju ing pojok iline kali sawuse dipigatekake jebul ...

KALANGAN PAKEMPALAN ING PASRAWUNGAN

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0paSdM7PpJBEUhSP358ZwTihyC3PX243zbLqZEaCcT3457ZoU3gYKHHpHuK9fH928l&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Kalangan pakempalan minangka gegambaran satunggaling sesambetan ing pasrawungan. Kalangan punika piyambak saged anjalari owah-gingsir becik botening gesang kita ing satengahing pasrawungan. Cethanipun makaten, solah bawa sawijining pawongan boten taruna boten diwasa, sekedhik utawi kathah ginendeng / tinarik dening kawontenan kalangan pasrawungan. Samangsa kita wonten ing satengahing kalangan kang boten pinuji / sarwa awon saged ugi kita ketarik ing swasana ingkang awon wau, makaten ugi kosok wangsulipun. Pramila punika, kita kedah wasis, cukat lan wicak milih pasrawungan ing satengahing tetiyang ingkang sae bebudenipun. Yasa lan rineksanana satunggaling sesambetan ing pasrawungan ingkang linandhesan sih katresnan (Kasih) mring sasama. Nanging saderengipun prelu ngewahi lan ndandosi sesambetan i...

PÊSÊN MARANG PANGARSANING PRÅJÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0wb2gMU5FRFyDsHHGKEK8vAVHQM35fkpZw54hp2n1eTrSGT9dyUdwXtDdzVfNaejul/?mibextid=2JQ9oc He sagung prĂ„ pangwĂ„sĂ„, pĂ„dhĂ„ elingĂ„ janji sĂȘtyamu nalikĂ„ sirĂ„ sĂȘsumbar ing ngarĂȘp prĂ„ kawulĂ„ AywĂ„ ngantyĂ„ dĂšn sĂȘselak lan blenjĂ„. He sagung prĂ„ pangarsĂ„ prĂ„jĂ„ elingĂ„ mring janjinirĂ„ sing jare mbelĂ„ kaum kawulĂ„ ngĂȘntasake sĂ„kĂ„ kasĂškĂšngannyĂ„. Kamulyan lan pangwasamu iku sinandhang krĂ„nĂ„ pilihane prĂ„ kawulĂ„ Nadyan duwe kwĂ„sĂ„ Ă„ywĂ„ supe mring Kang MĂ„' KawĂ„sĂ„ ÅywĂ„ kadlarung lĂšhmu blasar sĂ„kĂ„ pranĂ„tĂ„ bisĂ„-bisĂ„ kajabĂ«l sĂ„kĂ„ ing pundhakirĂ„. JM, sirĂȘp jalmĂ„, 011123          ✍️ eNPe ✍️          [^__^]  [^__^]