Postingan

WOLAK WALIKE TEMBUNG

kapacak ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2287129191566205&id=1684548218490975   Ora ana wong kang digdaya bisa katitik ing satengahe wanci tentrem, malah nalika jaman rekasa ndadekake wong tlaten lan ulet. Layangan bisa mumbul dhuwur nalika katerak angin gedhe. Pemimpin agung bisa lair rikala ana ing jaman reribed kebak prahara. Ing jaman ora kepenak iku pirantine Gusti ngelingake manungsa, padha dene klebu wong cilik utawa wong gedhe supaya urip rukun. JM, parak esuk, 26119    rinakit dening eNPe

SEGARA (pasemon)

kaunggah ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2279781778967613&id=1684548218490975 Ana bocah lanang kelangan sepatune keli nang segara, njur nulis ing pesisir pinggiran segara ...    SEGARA IKI MALING !.. Let sedhela ana juru golek iwak minggirake praune nggawa iwak akeh banget, njur nulis ing pesisir pinggir segara ... SEGARA IKI APIKAN ATEN ! ... Ana ibu-ibu lagi nangis ngguguk amarga anake klelep ing segara, njur nulis uga ing pinggir pesisir, ... SEGARA IKI TUKANG MATENI ! ... Ora let suwe ana prau minggir tukang praune crita yen bar ditrajang ombak gedhe, njur nulis uga, ... SEGARA IKI BANGET MBEBAYANI ! ... Dumadakan njedhul saka segara wong sing rampungan olehe nyilem nemokake mutiyara saglondhong, saking senenge nulis uga ing pesisir, .. SEGARA IKI KEBAK BERKAH ! ... Kawuningana segara saisine nora nate ngersula lan sesambat. Dumadakan teka gulungan ombak gedhe lan nrajang pesisir pante lan sawernane barang ing kono nganti resik g...

PÊPÊSTHÈN KANG MOKAL DENING MANUNGSA

kaunggah uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2276774185935039&id=1684548218490975 Padha dieling dene mokal lamun manungsa bisa nêmtokake pirang puluh tahun manèh donya iki bakal bubrah lan sirêp. Samubarang kabèh sing kêlakon ing donya iki kêlakone ing wêktu sing wus katêtêpake dening Gusti Kang Akarya Jagad saisine. Ana mangsa tandur ana mangsa panên lan uga ana mangsa mbêdhol, ana wêktune golèk ana wêktune kelangan, ana kalane pul-kumpul uga ana kalane pepisahan lsp.. lsp. Gusti Allah nitahake samubarang kang becik ing wanci sing ditêtêpake, malah ndunungake urip langgêng ing atine manungsa, nanging manungsa ora diparingi kawruh kanggo njajagi pakaryane Allah sasampurnane. Dadi sing bêcik dhewe kanggone manungsa kuwi yèn bisa urip kanthi sênêng lan gawe kabêcikan sajêrone isih urip.. eling lêlakone urip iku amung sêdhela! Kita kabèh kudu padha mangan lan ngombe sarta ngrasakake kanikmataning pamêtune olèhe nyambut-gawé, nora prêlu nggrangsang. Kab...

LAKUNING URIP AMUNG SEDHELA

kaunggah uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2271818716430586&id=1684548218490975           -(pituture simbah)- Sajroning bis ana wanita nom-noman lungguh lagi enak-enake ngematake lakuning bis. Ing stopan candhake ana wanita tuwa criwis lan ribut nunggang bis njur lungguh ing jejere wanita nom-noman mau. Tas-tase lan gawane sing abot teka dibrukake ngono bae ing kursi, kepeksa wanita nom-noman iku kudu mingset nganti mepet jendela katon kejepit. Ana cah lanang enom kang lungguh ing bangku mburine meruhi kahanan iku, sajak karo getem pitakon marang wanita nom-noman mau,.. "Kenapa kowe ora ngomong bae myang wanita tuwa iku yen sliramu dadi kaganggu?.." Wanita nom-noman iku karo mesem aweh wangsulan : "Dak kira ora prelu tumindak kanthi kasar lan ndebat kanggo prakara sepele kaya mangkono iku, *lakuning kita bebarengan iki amung sedhela*.,,, aku uga arep mudhun ing stopan bis candhake ngarep iku.." Wangsulane wanita nom-noman...

PAWEWEH KANG ORA PRELU KATAMPA

Kaunggah ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2262175550728236&id=1684548218490975     (-pituture simbah-) Ana bocah lanang kang banget gampang brangasane getak-getak simbahe mawa tetembungan kasar kang ora prayoga. Simbahe mung mendel bae, mirengake kanthi sabar, sidhem tanpa sabawa apa-apa. Wusanane nganti si putu lanang mau leren sakarepe dhewe. Sawuse sawetara si putu mendha kanepsone, njur sang simbah ujar ndangu marang dheweke, "Thole yen ana wong menehi barang nanging kowe ora gelem nampani, njur barang mau dadi duweke sapa le?" "Mesthine ya duweke wong sing menehi ta mbah... mbah!" wangsulane si putu karo mencep rada nylekit. "Samono uga krana tembung-tembung kasarmu", saute simbah. "Simbahmu iki ora bisa lan ora gelem nampa tetembunganmu sing kasar mau, lha rak ya bali dadi duwekmu ta le!" "Kudu kok simpen dhewe!" "Simbah kuwatir dene mengko kowe sing kudu manggul akibate, ya amarga te...

EMAS lan LEMAH

Kaunggah uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2261685514110573&id=1684548218490975 Emas celathu marang lemah, "Coba ta delengen awakmu, reged lan katon surem ora duwé daya, apa kowé duwé cahya sumunar kaya aku iki... ?? apa kowé duwèni aji kaya aku..??" Lemah mung gèdhèk, njur mangsuli ora gelem kalah, "Nanging aku bisa nukulaké sadhéngah uwit-uwitan sing bisa dadèkaké metu kembangé, metokaké woh-wohan, sesuketan padha thukul seger lan taneman liyané sing maédahi kanggo kapreluané manungsa lan sawernané kéwan, apa kowé bisa..??"  Emas sanalika meneng cep klakep ora bisa ngomong...!!!! Jroning urip iki akèh wong sing kadya emas, rumangsa sarwa aji/luhung lan kamulyan, sarwa gebyar moncèr blerengi, nanging ora maédahi tumraping wong liya. Gangsar ing pagawéané, élok (bagus & ayu) rupané, ananging ora gampang awèh pambiyantu nyengkuyung wong liya apa manèh migatèkaké liyan anané mung sakepénaké dhéwé malah njaluk diajèni lan diormat...

PANGANGEN-ANGEN

  (kapacak uga ing fb :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2254998461445945&id=1684548218490975 Manungsa katitahake dening Gusti Kang Murbeng Dumadi arupa titah kang luwih dhuwur drajate katandhing titah-titah liyane. Duweni akal budi kang luhur sarwa becik, ananging sawuse nerak dhawuhe Gusti manungsa (Adam & Kawa) tumiba ing dosa. Ya wiwit iku manungsa duweni sipat kadonyan sarwa nglirwakake dhawuhe Gusti. Ing jaman saiki katon dene solah tingkah lan solah bawane manungsa sangsaya mblasar nerak wewaler lan nrajang tatanan urip masarakat ing wengkon nagara. Apa maneh nyedhaki sawijining hajatan gedhe pamilihan kaprajan lan pangrehing praja, ana bae tumindake para pamengku praja sing nora elok nerak tatanan ukum lan kamanungsan ya amarga ngoyak supaya bisa kapiji dadi pamengku lan pangrehing praja. Lamun digagas ing ngendi ana kameren sarta sipat mung mikir awake dhewe, ing kono ana rerusuh sarta sarupane panggawe ala, kaya ta ujaran sesengitan, pitena...

AJA DUWE PANYAKRABAWA ALA

https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2212172325728559&id=1684548218490975 Aja duwe panyakrabawa ala marang sapadha-padha! Aja mung nyawang rupa busana, uga kasar manis ing wicara! Aja gampang nacad, maido, moyoki marang kang katon ala! He pra sadulur sabangsa, padha dielinga den urip sira mung sedhela. Dingati-ati! Dingati-ati! darbea pamikir becik wicaksana! Dingati-ati Dingati-ati! Murih urip tentrem raharja! JM, lingsir wengi, 29918        dening eNPe

ADIGANG, ADIGUNG, ADIGUNA

kapacak ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2205400969739028&id=1684548218490975   Tetiyang kang ADIGANG mung nyebar panandhang. Wateknya sami tegel, nindhes mring sanes tyang. Pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti. Nanging tyang tresna satuhu, gesang yekti. Tetiyang kang ADIGUNG mung nandur sangsara. Remen umuk, gumunggung, ngina mring pepadha. Mesthi ngundhuh antaka, awit adiling Allah. Nanging tyang kang lembah-manah sinung berkah. Tetiyang ADIGUNA mung ndhedher cilaka, nganggep Allah tan ana, sabdaNya mung nglaha. Mung panen karisakan, dukaning Pangeran. Nanging tyang ering mring Allah, sinung kinasihan Tyang kang NGEGUNGAKEN DHIRI, mung ngundhuh bilai. Tansah ngumbar pikajeng, tan ngetang sesami. Gesang jroning pepeteng, pikolehnya pati. Karaharjan kang langgeng mung ing Gusti. JM, madya ratri 15918         dening eNPe cathetan pojok : ADIGANG : ngegung-egungake / ngendel-endelake keku...

OMAH SEWU PANGILON

kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02hiHapru1xUJ38TCcU3R995YzkCcqh9Prd9w7UXJgWizLJvTnaHgVLLTNqqLqsnpDl/ Ana sawijining kucing cilik tansah katon sedhih, besengut polatane mlaku wira wiri. Dumadakan kucing iku mlebu ing omah kang lawange bukakan. Kucing iku nora ngerti yen ing jroning omah mau pinasang sewu pangilon ing temboke. Nalika kucing iku mlebu iba kagete nyumurupi ana kucing-kucing cilik sing katon mrengut sajak nesu nyawang dheweke. Rumangsa kaancam dening kucing-kucing cilik mau, dheweke njur bengok meyang-meyong tumujokake marang sewu kucing mau. Eee... lha kok jebulane meyongane diwales meyongan uga dening kucing-kucing kang sejatine iku mujudake gambaran dheweke ing sewu pangilon mau. Jalaran wedi kucing cilik iku mlayu metu saka omah mau, batining ati, "Omah iku banget anggegirisi" Ora let suwe ana kucing cilik liyane sing atine lagi bungah uga lagi wira-wira ing sacedhake omah iku. Kucing iku nuli mlebu lawang omah ...

AJINE/REGANE SIH KATRESNANE IBU

  kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975 /posts/pfbid099Yxe6yVLwGCBSxrVUp298p2osdHLhimZPefLPQ2yNQkpkDo9JbqfhLf8BU7nhR9l/ AJINE/REGANE SIH KATRESNANE IBU Ana sawijinine anak sing sugih brewu lan lagi nedheng-nedhenge moncer/kondhang tilik ibune sing nembe nandhang gerah ing rumah sakit nglawan gerahe antarane mati lan uripe. Puji sokur Gusti, wusanane si ibu dening doktere wus kepareng kondur. Kanthi enggal gegancangan si anak methuk ibune banjur ndherekake kondur menyang daleme. Tekan dalem ibune, si anak ngetokake lembaran kertas nuli kaaturake ibune, isine yaiku tagihan sajroning ibune dirawat ing rumah sakit, 1. Obat : Rp. 12.500.000 2. Kamar rumah sakit :   Rp. 8.000.000 3. Wragad tilik : Rp. 4.000.000 4. Wragad jaga bengi ing rumah sakit: Rp. 3.000.000 5. Wragad ngopeni ibu sajrone sesasi  : Rp. 5.000.000 6. Ganti rugi ninggalake rapat : Rp. 4.500.000 7. Bensin kanggo wira wiri : Rp1.000.000 8. Liya liyane : Rp10.000.000 la...

CANCUT TALI-WANDA

  (kapacak uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2147808065498319&id=1684548218490975  ) He pra pandheganing praja, pra pangreh praja ya kawulaning praja, aywa padha regejegan catur cinatur ala, padha elinga dene sira iku nunggal bangsa, padhadene warganing praja ya Negara Kesatuan Republik Indonesia. Payo cancut tali-wanda, sayuk-sayuk rukun bebarengan ambangun nagara, mrih lestarinya urip bebrayaning praja, nagara MARDIKA kerta raharja. Rukun gawe santosa crah mung bubrah wohira, ngestokna sabdeng Gusti tresna sapepadha, nadyan panemu beda nging tan samya sulaya, olah kawicaksanan tan nang-menangan. JM, lingsir wengi, 21718         dening eNPe