OMAH SEWU PANGILON
Ana sawijining kucing cilik tansah katon sedhih, besengut polatane mlaku wira wiri.
Dumadakan kucing iku mlebu ing omah kang lawange bukakan. Kucing iku nora ngerti yen ing jroning omah mau pinasang sewu pangilon ing temboke.
Nalika kucing iku mlebu iba kagete nyumurupi ana kucing-kucing cilik sing katon mrengut sajak nesu nyawang dheweke.
Rumangsa kaancam dening kucing-kucing cilik mau, dheweke njur bengok meyang-meyong tumujokake marang sewu kucing mau.
Eee... lha kok jebulane meyongane diwales meyongan uga dening kucing-kucing kang sejatine iku mujudake gambaran dheweke ing sewu pangilon mau.
Jalaran wedi kucing cilik iku mlayu metu saka omah mau, batining ati, "Omah iku banget anggegirisi"
Ora let suwe ana kucing cilik liyane sing atine lagi bungah uga lagi wira-wira ing sacedhake omah iku.
Kucing iku nuli mlebu lawang omah mau, ing kono katon yen ana kucing liyane pirang-pirang padha mesem ngulatake dheweke.
Kucing cilik iku iba senenge dibagekake kanthi esem sumringah dening sewu kucing sing nyawang dheweke.
Saking senenge dheweke nuli ngopat-apitake buntute karo mlumpat-mlumpat... eee lha kok kucing-kucing sing ana ing ngarepe uga melu-melu ngopat-apitake buntut lan mlumpat jingkrak-jingkrak...
Batin atine, "Wahh.. nyenengake ya omah iki..."
Eliding crita ing dhuwur,
Sejatine sajeroning urip iki mujudake omah mawa sewu pangilon.
Urip amung gambarake apa kang ana ing dhiri pribadi kita.
Nalika kita mikir ala dene panguripan iku angel, kebak reribet, mula urip iki bakal bener-bener susah, kanyatan kaya mangkono kang bakal tinemu.
Nalika kita amung mikirake lan ngeling-eling alaning liyan mula sing tinemu ya bab-bab kang sarwa ala. Udinen tansah ngelingi kabecikaning liyan kanggo nemokake kabecikan kang luwih akeh!
Mangkono uga tumrap badan kita yen kita tansah mikirake lara, lungkrah, kesel lsp mula ya sing kadadean bener lara2nen, lemes lungkrah ora duwe daya.
✋ Pungkasana tansah ngresula lan meyang-meyong sesambat marang bab-bab ing sakupenge urip kita.
Kosok baline, upayanen kanthi pikukuhing ati lan patrap kang sarwa becik, kebak rasa sokur lan tansah nyebar kabecikan.
Lan rasakake kadidene ing jerone omah sewu pangilon, iba banget nentremake anggawe kabecikan bisa andadekake lumantaring berkah mring sapepadha.
Resepake endahe urip iki kanthi tansah muji sokur mring Nugrahaning Gusti Allah.... Aminnn
Sumangga!
JM, sandekala 12918
dening eNPe
jarwa bebase kadudud saka :
RUMAH SERIBU CERMIN*
Ada seekor kucing kecil yang selalu bermuka muram sedang berjalan jalan sambil merengut.
Tiba2 ia tertarik untuk masuk ke suatu rumah yang pintunya terbuka.
Ia tidak tahu bahwa di dalam rumah tersebut terpasang 1000 cermin.
Begitu kucing tersebut masuk ke dalam rumah , betapa kagetnya ia,
Ternyata ada 1000 kucing kecil dengan ekspresi merenggut marah memandang ke arahnya.
Karena merasa terancam , ia pun mengeong ke arah 1000 kucing tersebut.
Rupanya meongan tersebut dibalas dengan meongan juga oleh 1000 kucing yang tak lain adalah pantulan dirinya sendiri di 1000 cermin.
Karena takut , kucing kecil itu pun keluar dari rumah tersebut. Hati kecilnya berkata , " Rumah ini sungguh mengerikan" .
Tak berapa lama , seekor kucing kecil lain yang berhati riang juga sedang berjalan jalan di sekitar tempat itu.
Ia masuk ke rumah tersebut yang pintunya terbuka , di sana ada 1000 cermin dan sambil tersenyum ia pun memandang cermin itu………..
Betapa senangnya ia karena ia melihat ada 1000 kucing lain yang juga sedang tersenyum manis menatap dirinya.
Ia pun meng-ibas2kan ekornya dan melompat dengan riang dan …….. 1000 kucing di hadapannya juga ikut2an mengibaskan ekornya dan me-lompat2 ………
Didalam hatinya ia berkata , *" Wah ..... menyenangkan sekali tempat ini* "
Saudaraku .........
Sebenarnya kehidupan ini adalah rumah dengan 1000 cermin tersebut ...
👉 *Hidup hanya merefleksikan apa yang ada pada diri kita sendiri*.
*Ketika kita berpikir bahwa kehidupan itu sulit , susah , maka kehidupan pun menjadi benar2 susah*. *Realita seperti itulah yang akan ditemukan*.
*Ketika kita hanya mengingat keburukan seseorang maka yang muncul hal2 yang buruk saja*.
*Berusahalah mengingat kebaikan seseorang untuk menemukan lebih banyak kebaikan.*
👉 Demikian pula untuk tubuh kita bila kita selalu berfikir sakit , lemah , letih , lesu maka benarlah yang terjadi tubuh kita menjadi sakit , lemah , letih dan lesu …….
✋ Berhentilah murung , mengeluh dan " mengeong " atas hal2 di sekitar kita.
Sebaliknya , berusahalah memperbaiki mental dan sikap , berpikir positif , bersyukur dan selalu menebar kebaikan
*Dan rasakanlah sensasi rumah 1000 cermin , dan dahsyatnya berbaik hati sangka*......
Nikmati indahnya kehidupan dgn sll bersyukur.
Komentar
Posting Komentar