PANGANGEN-ANGEN
(kapacak uga ing fb : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2254998461445945&id=1684548218490975
Manungsa katitahake dening Gusti Kang Murbeng Dumadi arupa titah kang luwih dhuwur drajate katandhing titah-titah liyane. Duweni akal budi kang luhur sarwa becik, ananging sawuse nerak dhawuhe Gusti manungsa (Adam & Kawa) tumiba ing dosa.
Ya wiwit iku manungsa duweni sipat kadonyan sarwa nglirwakake dhawuhe Gusti.
Ing jaman saiki katon dene solah tingkah lan solah bawane manungsa sangsaya mblasar nerak wewaler lan nrajang tatanan urip masarakat ing wengkon nagara. Apa maneh nyedhaki sawijining hajatan gedhe pamilihan kaprajan lan pangrehing praja, ana bae tumindake para pamengku praja sing nora elok nerak tatanan ukum lan kamanungsan ya amarga ngoyak supaya bisa kapiji dadi pamengku lan pangrehing praja.
Lamun digagas ing ngendi ana kameren sarta sipat mung mikir awake dhewe, ing kono ana rerusuh sarta sarupane panggawe ala, kaya ta ujaran sesengitan, pitenah nora maelu pangrasane liyan, gumunggung malah tega-tegane ngala-ala pandhegane nagara.
Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur (Gusti Allah), iku kang dhisik dhewe suci, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.
Winih sing sinebar dening wong sing dhemen marang kerukunan, kuwi metokake woh kabecikan.
Kang dadi pangangen-angen,
kapan bangsaku bisa bali maneh lumaku ana ing dalan kabecikan, guyub-rukun, ajen ing ngajenan, tepa-slira kebak rasa asih mring sapepadha, saiyek saeka kapti ambangun praja kanggo anggayuh mulyaning nagara.
Sumangga para sadulur!
JM, lingsir wengi, 81218
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar