LAKUNING URIP AMUNG SEDHELA
kaunggah uga ing FB :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2271818716430586&id=1684548218490975
-(pituture simbah)-
Sajroning bis ana wanita nom-noman lungguh lagi enak-enake ngematake lakuning bis. Ing stopan candhake ana wanita tuwa criwis lan ribut nunggang bis njur lungguh ing jejere wanita nom-noman mau.
Tas-tase lan gawane sing abot teka dibrukake ngono bae ing kursi, kepeksa wanita nom-noman iku kudu mingset nganti mepet jendela katon kejepit.
Ana cah lanang enom kang lungguh ing bangku mburine meruhi kahanan iku, sajak karo getem pitakon marang wanita nom-noman mau,..
"Kenapa kowe ora ngomong bae myang wanita tuwa iku yen sliramu dadi kaganggu?.."
Wanita nom-noman iku karo mesem aweh wangsulan :
"Dak kira ora prelu tumindak kanthi kasar lan ndebat kanggo prakara sepele kaya mangkono iku, *lakuning kita bebarengan iki amung sedhela*.,,, aku uga arep mudhun ing stopan bis candhake ngarep iku.."
Wangsulane wanita nom-noman iku prayoga yen tinulis mawa aksara emas!
"Kita ora prelu ndhebat kanggo prakara kang sepele / ora misra... *"Lakuning kita bebarengan amung sedhela / cekak wektune"*
_Lamun kita nyumurupi ewadene *Lakuning urip kita amung sedhela* prayoga kita ora prelu buwang-buwang tenaga tansah ngresula lan ngedumel, krasa ora marem lan golek-golek kesalahan... jalaran kabeh mau buwang-buwang wektu ing lakuning urip kang mung sedhela iki._
Pitutur kang bisa kita pethik :
Apa ana sing gawe larane malah ngremuk atimu??, Coba tetepa sareh lan sabar, "Lakuning urip iki amung sedhela banget"
Apa ana sing mblenjani janji kepara cidra, ngapusi utawa ngelek-elek sliramu?? Coba tetepa sareh lan sabar, eling! "Lakuning urip kita amung sedhela banget".
Tetepa sareh, apuranen wong mau, elinga "lakuning urip iki amung sanyukan/sedhela banget".
Apa bae sing digawe dening liyan mring kita, ayo kita tansaha eling dene "lakuning urip iki amung sedhela".
Ora ana siji-sijia uwong kang bisa nyumurupi kapan "lakuning urip iki mandheg/cuthel" bisa mawa tembung "urip iku ora ana kang langgeng"
Ora ana uwong kang bisa mesthekake kapan dheweke bisa tekan stopan bis candhake (yen dalane lancar bisa cepet, yen macet ya bisa luwih suwe).
"Laku (lelakoning) urip kita amung sedhela!".
Ayo kita padha ambage karahayon, kasenengan, katentreman marang pra kadang, kanca, kulawarga dalasan sapepadha.
Ayo kita dipadha ajen-ingajenan, tumindak kabecikan mring sapepadha. Aja pijer gawe serike liyan temahan urip kita uga bisa ayem tentrem.
Dene yen ana kang gawe serik, gedhe pangapurane bisa agawe adhem.
Semono uga lamun kita gawe serik, aja suthik nyadhong pangapura.
Kanthi panyuwun muga urip kita migunani mring liyan, bisoa andadekake berkah lan ilening berkah tumrap sapepadha...
- eling..! "LAKUNING URIP KITA AMUNG SEDHELA"
- SUGENG WARSA ENGGAL 2019 -
JM, madya raina, 020119
rinakit & kajarwaake
dening eNPe
(sumber kadudud kiriman ing WA)

Komentar
Posting Komentar