SEGARA (pasemon)
kaunggah ing FB :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2279781778967613&id=1684548218490975
Ana bocah lanang kelangan sepatune keli nang segara, njur nulis ing pesisir pinggiran segara ...
SEGARA IKI MALING !..
Let sedhela ana juru golek iwak minggirake praune nggawa iwak akeh banget, njur nulis ing pesisir pinggir segara ...
SEGARA IKI APIKAN ATEN ! ...
Ana ibu-ibu lagi nangis ngguguk amarga anake klelep ing segara, njur nulis uga ing pinggir pesisir, ...
SEGARA IKI TUKANG MATENI ! ...
Ora let suwe ana prau minggir tukang praune crita yen bar ditrajang ombak gedhe, njur nulis uga, ...
SEGARA IKI BANGET MBEBAYANI ! ...
Dumadakan njedhul saka segara wong sing rampungan olehe nyilem nemokake mutiyara saglondhong, saking senenge nulis uga ing pesisir, ..
SEGARA IKI KEBAK BERKAH ! ...
Kawuningana segara saisine nora nate ngersula lan sesambat.
Dumadakan teka gulungan ombak gedhe lan nrajang pesisir pante lan sawernane barang ing kono nganti resik gusis.
Eliding tuladha mangkene :
AJA NGRUNGOKAKE OMONGANE WONG-WONG LIYA, AMARGA SABEN WONG DUWE PANEMU DHEWE-DHEWE MITURUT PANGRETEN & PANGALAMAN KANG BEDA-BEDA.
Bacutna tumindakmu samangsa kita ana ing dalan kang bener lan becik.
Senadyan kabecikan nora mesthi dianggep lan diajeni malah kadhang diencepi.
Nora prelu nyritakake lan nyethakake sapa sejatine kita iki, amarga sing nyenengi kita nora butuhake iku samono uga kang sengit nora pracaya.
Bisa kacathet urip iki dudu bab sapa kang becik dhewe, ananging sing luwih piguna sapa kang gawe kabecikan.
Aja nganti ngrusak paseduluran amung marga ana kaluputan sethithik bae.
Ananging lalekna kaluputan-kaluputan mau kanggo ngrumat lestarine paseduluran.
Lamun kita nemoni pangregon saka tumindake liyan, aja mikir priye carane males gawe pengregon kang luwih nandhes, iba mulyane yen bisa ngrancang lan nindakake kepriye bisa males tumindak kang luwih becik.
Sudanen olehe sesambat nanging sokurana lan terus dedongaa.
Tansaha tumandang ing kabecikan nganti samubarang reribed nora ngetutake kita.
Sumangga pra sedulur...,
Mugi Gusti amberkahi kita.. Amiin!
JM, sirep bocah, 14119
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar