PÊPÊSTHÈN KANG MOKAL DENING MANUNGSA

kaunggah uga ing FB :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2276774185935039&id=1684548218490975

Padha dieling dene mokal lamun manungsa bisa nêmtokake pirang puluh tahun manèh donya iki bakal bubrah lan sirêp.
Samubarang kabèh sing kêlakon ing donya iki kêlakone ing wêktu sing wus katêtêpake dening Gusti Kang Akarya Jagad saisine.

Ana mangsa tandur ana mangsa panên lan uga ana mangsa mbêdhol, ana wêktune golèk ana wêktune kelangan, ana kalane pul-kumpul uga ana kalane pepisahan lsp.. lsp.

Gusti Allah nitahake samubarang kang becik ing wanci sing ditêtêpake, malah ndunungake urip langgêng ing atine manungsa, nanging manungsa ora diparingi kawruh kanggo njajagi pakaryane Allah sasampurnane.

Dadi sing bêcik dhewe kanggone manungsa kuwi yèn bisa urip kanthi sênêng lan gawe kabêcikan sajêrone isih urip.. eling lêlakone urip iku amung sêdhela!

Kita kabèh kudu padha mangan lan ngombe sarta ngrasakake kanikmataning pamêtune olèhe nyambut-gawé, nora prêlu nggrangsang. Kabèh iku mujudake ganjaran bêrkah pêparinge Gusti.

Mula padha disokuri kanthi urip sing prasaja murih bisa olèh bêrkah lan dadia dalan ilêne bêrkah tumraping sapêpadha.

Sumangga!

JM, esuk kêkês, 10119
     dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN