EMAS lan LEMAH
Kaunggah uga ing FB :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2261685514110573&id=1684548218490975
Emas celathu marang lemah, "Coba ta delengen awakmu, reged lan katon surem ora duwé daya, apa kowé duwé cahya sumunar kaya aku iki... ?? apa kowé duwèni aji kaya aku..??"
Lemah mung gèdhèk, njur mangsuli ora gelem kalah, "Nanging aku bisa nukulaké sadhéngah uwit-uwitan sing bisa dadèkaké metu kembangé, metokaké woh-wohan, sesuketan padha thukul seger lan taneman liyané sing maédahi kanggo kapreluané manungsa lan sawernané kéwan, apa kowé bisa..??"
Emas sanalika meneng cep klakep ora bisa ngomong...!!!!
Jroning urip iki akèh wong sing kadya emas, rumangsa sarwa aji/luhung lan kamulyan, sarwa gebyar moncèr blerengi, nanging ora maédahi tumraping wong liya.
Gangsar ing pagawéané, élok (bagus & ayu) rupané, ananging ora gampang awèh pambiyantu nyengkuyung wong liya apa manèh migatèkaké liyan anané mung sakepénaké dhéwé malah njaluk diajèni lan diormati.
Kosok baliné ana uga wong sing kadya lemah, kahanané lumrah-lumrah bae, wongé samadya lan prasaja apa anané nanging ènthèngan tangan gampang tetulung seneng awèh pambiyantu sawayah-wayah.
Tuladhané kang bisa kapethik,
Sejatiné maknané urip ora gumantung saka ing sepira ajiné/mulyané pribadi kita, nanging kang luwih becik sepira gedhéné paédah kang bisa kita tumularaké mring sapepadha kita.
Déné kahanan urip kita iki lamun bisa andadékaké berkat maring wong akèh, ya sing kaya mangkono iku sing bener-bener duwèni bebudèn luhung/aji.
Apa paédahé 'kasuksèsan' (sarwa kabeneran kang sinedya) lamun iku ora bisa gawé piguna mring kita, kulawarga lan wong liya.
Apa tegesé sugih brèwu yèn ora bisa andum mring kang luwih mbutuhaké.
Apa paédahé kapinteran lamun ora bisa andadèkaké panjurung ing sakupengé urip kita.
Urip iku mujudaké sawijiné lelakon, ana wanciné awèh pambagé lan ana wanciné kita nampa.
Sumangga!
JM, sirep bocah, 171218
déning eNPe

Komentar
Posting Komentar