PAWEWEH KANG ORA PRELU KATAMPA

Kaunggah ing FB :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2262175550728236&id=1684548218490975
    (-pituture simbah-)

Ana bocah lanang kang banget gampang brangasane getak-getak simbahe mawa tetembungan kasar kang ora prayoga.

Simbahe mung mendel bae, mirengake kanthi sabar, sidhem tanpa sabawa apa-apa.
Wusanane nganti si putu lanang mau leren sakarepe dhewe.

Sawuse sawetara si putu mendha kanepsone, njur sang simbah ujar ndangu marang dheweke,
"Thole yen ana wong menehi barang nanging kowe ora gelem nampani, njur barang mau dadi duweke sapa le?"

"Mesthine ya duweke wong sing menehi ta mbah... mbah!" wangsulane si putu karo mencep rada nylekit.

"Samono uga krana tembung-tembung kasarmu", saute simbah.
"Simbahmu iki ora bisa lan ora gelem nampa tetembunganmu sing kasar mau, lha rak ya bali dadi duwekmu ta le!"
"Kudu kok simpen dhewe!"

"Simbah kuwatir dene mengko kowe sing kudu manggul akibate, ya amarga tetembunganmu sing kasar iku bakal mikolehake kasangsaran."
"Kaya pepindhan, wong kang kepingine ngidoni langit, idune bakal dleweran ngregeti raine dhewe".

Simbahe mendel sedhela, banjur bacutake pituture,

"Lamun sliramu ora bisa menehi, ya aja kok jupuk!"
"Lamun kowe ora bisa malah kepara angel nresnani, ya aja nyebar sesengitan!"
"Samono uga yen ta kowe ora bisa menehi panglipur, ya aja gawe sedhih!".
"Lamun kowe ora bisa weweh alem, ya aja ngremehake lan ngala-ala! ".
"Dene yen kowe ora bisa ngajeni, ya aja ngasorake lan ngina, aja mitenah!".
"Mangkono uga yen ta kowe ora bisa memitran, ya aja kok mungsuhi!"

"Kabeh mau le, mung nambahi gawe dosa, Gusti bakal paring bebendu, mula mratobata le, lawange pangapuran isih menga mumpung durung kasep!"

Si putu mung meneng bae ngrungokake karo brebes mili, "Mbahh..!! kula keduwung mbah pangapurane nggih!"

Ayo kita padha andum lan nanem kabecikan tumrap sapepadha, yaiku sih katresnan lan sukarena kang pinangkane saka Gusti Allah kang akarya jagad raya.

Salam tentrem rahayu!
Gusti amberkahi!   Aminnnn!

JM, sande kala, 181218
      dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN