WASPADA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2923277084618076&id=1684548218490975
Panutan (idola) ngemu teges kang jembar, kang baku idola bisa ndadèkake uwong ora patia nggagas dene apa kang didadèkake panutan sejatine bisa njalari brahala.
Lha kepriye ta nalare? Racake apa kang dadi idolane wong banjur nebakake pangreksa kaluwih-luwih pigatine, dipepuja anyembah mring idolane. Iki kang prelu WASPADA. Ya kita kudu waspada aja nganti kita kabacut-bacut ana ing tumindak mblasar saka ing piwulange agama.
Angadhepi ancaman bisa kajlomprong tumuju panyembahan brahala, pilihane yaiku tansah luwih waspada lan prayitna. Ancaman iku bisa katamakake sapa bae ora pilih-pilih mawa cara kang alus milutake nganti wong ora nggagas, ora nglegewa lamun dheweke iku sejatine wus lan nembe kagèndèng ing panyembahan brahala. Mara bali mring piwulang lan paugeran agama iku kang dadi gaman sing ampuh.
Nyumanggakake!
JM, tengahing udan deres, 18221
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar