JERITING ARCAPADA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2921372808141837&id=1684548218490975
Jeriting arcapada riptaning Allah,
sakawit dumadine sarwa endah,
samangkya sangsaya bubrah,
jer ulahing manungsa kang srakah.
Salumahing bantala asat garing,
alas kababad arga gundhul mekingking,
dahana mulad-mulad gawe prahara,
anrajang samubarang kang ngegla.
Banjir bandhang datan kwawa denselaki,
mangsa udan-angin nggegirisi,
Ayo denpeperti cancut tali-wanda,
sigrak anandur alas lan arga.
JM, sandyakala, 15221
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar