SIMBAH-e "si JOKO TARUB"
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2924437694502015&id=1684548218490975
Ing pinggiraning telaga ana sakumpulan kenya padha ciblon adus tanpa nganggo sandhangan alias wuda blejet. Para kenya mau meruhi ana mbah-mbah teka mara nyedhak... sanalika para kenya nglangi manengah.
Para kenya mbengok : " he mbah... lungaa lan ngadoha! Aku ora bakal mentas seka tlaga iki nganti sampean lunga saka kene!"
Simbah mangsuli kalem : " Aku mrene ora kok arep nginjen olehmu padha adus, ndhuk! Aja salah tampa ya... apa meneh ndeleng kowe kabeh mentas saka tlaga ora padha nganggo sandhangan..!!? Wahh... ora penting kanggoku sing wus tuwa iki nduk!.. Aku mrene amung arep menehi pakan Baya sing ana ing tlaga iki..!"
Dhuerr.. !!
Sanalika bae kaya diabani kenya-kenya mau nglangi rerikatan minggir lan mlayu saka tlaga iku, rame-rame nubruk lan ngekep simbah saking keweden lali yen padha wuda (hehee.., aja padha ngeres ya!)
Pesen moral :
" Umur kena bae tuwa... nanging pikiran kudu tetep cerdhas, tangkas reka-dayane ing kahanan kang trep migunani."
Wewatakan mbah-mbah ing dongeng iki bisa sinebut wewataking wong (lanang) sejati & maju, sacara umum ana 7 wewatakan :
1. Kreatif
2. Aktif
3. Motivator
4. Progresif
5. Responsif
6. Elegan
7. Tangguh
karingkes : *KAMPRET !!!!..* Ana-ana bae, simbahe si Joko Tarub...!!?
Hiburan sing lagi padha nglamun 🤪🤣😜
JM, lingsir wengi, 20221
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar