COVID-19 MUNTUP-MUNTUP ING NGAREP LAWANG OMAH

   kaunggah uga https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2913529935592791&id=1684548218490975

Urip matine manungsa iku Gusti kang kawasa.

Ketaman orane Covid-19 iku upayane manungsa kanggo bisa siningkur saka panyebarane.


Nadyan datan kèksi sejatine Covid-19 saiki sangsaya nyedhaki mring kita.

Sangsaya akeh sadulur lan wong2 sing kita tepungi kesenggol si covid... wahh jian kabar iku gawe getering ati.


Biyen sawetara wulan kepungkur lodhang wektune ketaman Covid-19 kadya menang lotre sing ora bisa katemtokake... nanging saiki semune kaya menang arisan nunggu giliran.... heemm ngegirisi tenan ya.


Minangka kanggo waspada bae kita sing durung oleh arisan prayoga upadi jaga-jaga, salah sijine kang bisa kita tandangi yaiku kanthi mituhu panetepan kesehatan kang wus diwartakake ing sadhengah kalawarti yaiku tatanan kesehatan mawa 5M :

 - mijiki lan reresik tangan

 - manganggo masker

 - matesi dhiri ing antarane kita

 - matesi lelungan sing ora perlu

 - matesi nggrombol-nggrombol


Diajegi olah raga bisa mbangun wuleding/kedhoting (kekebalan ind.) badan kita saka memala sajroning pageblug Covid-19, saengga yen ta kita nampa arisan ora banget nggegirisi.


Vaksinasi pancen dudu obat mujarab nadyan perlu kanggo mbangun wuleding badan tumraping masarakat. Miturut petungane para ahli kesehatan, sarikat-rikate ing madya warsa 2022 kira-kira 75% warganing masarakat Indonesia lagi bisa nampa vaksin.


Lelakone isih suwe..........

Kita kudu tansah anjaga kesehatan lan ora kena lali tansah nyenyuwun pitulungane Gusti.


Mugya bae kita bisa jayeng satru (menang perang) nglawan pageblug iki.

Aywa sok rumangsa dadi wong kang dhugdheng kedhot saka virus krana nglirwakake pranatan 5M.

Saora-orane, ngajenana wong-wong liya  sing wus nindakake pranatan kesehatan.


Sepisan maneh, urip matine kita Gusti kang kawasa, 

nanging.....

ngupadi saka ganase virus iku dadi kewajiban kita samya!


Kasuwun mugya kita kabeh ora nganggep entheng, lan ngrumangsanana yen sajatine Covid-19 wus nyedhaki kita muntup-muntup sangarepe lawang omah kita dhewe. Ayo kita saeka kapti nggusah si corona kang datan bisa kita sawang (datan kèksi).


Salam Sehat lan Salam Rahayu!

Gusti angayomi lan amberkahi... Amin 🙇‍♂️


JM, lingsir kulon, 04221

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN