NASIB PURNA-BEKTEN GOLEK GAWEAN TAMBAHAN

   kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2930210407258077&id=1684548218490975

Saking dene angele golek gawean, purna-bekten/pensiunan Angkatan Darat sidane nyambut gawe ing bonbin.

Saben dina nganggo sandhangan Gorilla lan ethok-ethok dadi Gorilla, ing batin : 'kenapa mesthi kudu isin, wong ora ana sing ngerti'. Nggayemi kacang lan gedhang terus-terusan. Saben dina mlumpat-mlumpat lan uga ngetung angka, iku gawean sing kudu ditindakake. Mulane iku ndadekake para pamirsa bonbin padha seneng.


Ya wiwit iku pamirsa bonbin tambah akeh kepingin ndeleng Gorilla sing prigel lan pinter (laa ya wong purna-bekten perjurit AD).

Wusanane ing sawijine dina, pas lagi apese, ing satengahe Gorilla lagi mlumpat-mlumpat, ora ngira kepleset lan kajegur ing blumbangan Baya. "Oh dhuh Gusti! Mati aku iki!", batin atine si Gorilla tiron.

Dheweke banget olehe ngupaya nglangi kanthi rikat menyang pinggire blumbang supaya ora dicaplok Baya. Nanging si Baya iku luwih rikat lan nyedhaki si Gorilla krana cangkeme mbukak amba lan untune sing lancip2 siyaga nyuwek-nyuwek si Gorilla. Para pamirsa padha jerit-jerit nalika congore Baya agag-agag siyaga nyaplok si Gorilla.


Ing satengahe eling lan semaput, si Gorilla krungu bisikan lirih saka cangkeme si Baya : "Aja wedi mas, aku padhadene purna-bekten Angkatan Laut..."

Asem tenan sampean!..., trembelane!... ha ha hahaaa....

Ayo ngguyu, lamun ngguyu iku gawe kita bagya.


JM, parak esuk, 28221

       dening eNPe





Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN