GURIT KEKESING DRIYA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2923769024568882&id=1684548218490975
Glegerrr...
swara bledhek angampar-ampar,
pra jalma kakung putri gregah menyat saka tilamrum,
dheleg-dheleg nilingake swara bayu-bajra udan deres kang datan kandheg,
kasempyok saka ing tawang gumrojog iline warih.
Dhuh Gusti paringana tingkas jawahipun,
iba agung kwaos Paduka,
kawula amung ngungsi marek mring Gusti Kang Ma Wilasa,
nyuwunaken kula lan pra kadang samya pangayoman saking sekathahing prahara,
kabenan, jugruging pereng-pereng keparenga tinebihaken saking pra kadang kawula.
Payo pra kanca padha siaga den prayitna,
sidhem ndedonga samya,
sigeg sidheku nyuwun Sih-karunika,
mring sapari polahe manungsa,
kang wus gawe sangsara.
Aywa lena aywa lepya,
kita manungsa kang gawe rusaking bawana,
mbabad wanadri musna sadhengah tetanduran,
nora maelu jeriting sato kelangan sumber panguripan,
mara den enggal pungkasana, samya angreksa tetanduran.
JM, kekesing driya, 19221
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar