WULANGANE_BAPA_GURU
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2917617808517337&id=1684548218490975
Sawijining dina guru matematika nyerat ing papan tulis mangkene : 1×8 =8; *2×8=19*; 3×8= 24; 4×9= 36; 5×8= 40; 6×8= 48; 7×8= 56; 8×8= 64; 9×8= 72 ; 10×8= 80.
Sanalika para murid padha ngguyu bareng.
Sawuse iku sang guru mbalik lan ngendika : "Aku ngerti apa kang kok geguyu, nanging ing kene aku pingin kowe kabeh mangerteni siji bab yaiku kepriye donya iki nyawang kowe kabeh.
Ing papan iki kowe kabeh weruh ana sangang (9) kabeneran, nanging ora ana siji-sijia ing antaramu kang aweh pambiji. Kowe kabeh malah nggeguyu kanggo siji kakleruan sing dak tindakake.
*Bab_iki_sing_arep_dak_wulangake* yaiku dene kowe kudu waspada sejatine donya iki ora bakal aweh pambiji lan pangalem menyang kowe senadyan akeh kabecikan sing kok tindakake, donya anane hamung nggeguyu lan memoyok mring sakesalahan bae sing kok tindakake.
Mulane aja cilik ati lan kendho nglakoni apa sing lagi kok tandangi. Tetep tandangana terus masiya digeguyu lan dipepoyok, awit dene geguyonan lan pepoyok iku mung kanggo sakesalahan bae kamangka akeh kabecikan lan kabeneran kang wus lan lagi kok tandangi. Tetepa terus semangat aja nglokro!
Kita dijaluk supaya nglakoni apa kang bener, becik lan mulya. Ewasamono, akeh bab kang ora bisa kita kendhaleni nadyan sakuwat-kuwate kita ngupadi supaya katon sampurna, tetep bae kasalahan sing kita lakoni. Ananging aja mandheg apa maneh mundur lamun kita ing sawijine wektu nemoni kegagalan jroning urip iki.
Kanggone uwong kang nedya menang, tiba kesandhung dudu apa-apa, amarga sing baku kepriye bisa tangi njur ngudidaya maneh murih bisa anggayuh kasedyan kang wus dirancang.
*Mawa Sesantya : " Makarya, makarya lan makarya! "*
JM, lingsir wetan, 100221
kajarwa dening eNPe,
sumber seratane bp Soepardi Pawiro ⤵️
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10225280460147545&id=1503470400
Komentar
Posting Komentar