KAKUWATAN LAN PANGLIPUR

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2926602247618893&id=1684548218490975


Kakuwatan lan panglipur, tansah sinung mring aku ...
pendhak dina aku tinuntun, pendhak jam linipur atiku ...
Awit Sihing Gusti, apa kang dak perloke tansah sinung estu ...
suka gumantya duhkita, nambahing kamantepan imanku.

Pendhak dina Gusti angreksaku, tinampa  kanugrahan sarwa rahayu ...
katanting lamun aku tumiba, denusir satruku ...
Sang Hyang Wilasa kang njumenengi salaminya ya Gustiku ...
angiring jroning suka lan duhkita, nambahing kasantosan imanku.

JM, parak esuk, 23221
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN