AHLI

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2919214385024346&id=1684548218490975

Salah siji bab kang diprelokake dening saben wong supaya  bisa nglakoni urip kanthi luwih becik yaiku nduweni kaprigelan utawa cukat tumandang gawe. Sangsaya prigel tumraping wong jroning tumandang gawe sangsaya dieringi lan diajeni. 

Uwong kang duwe kaprigelan bisa kaarani AHLI. Uwong ahli sangsaya dieringi lan diajeni lamun nduweni keahlian kang langka lan adate bayarane larang tumrape kang mbutuhake keahliane.


Sanyatane kita uga bisa dadi wong kang nduweni kaprigelan. Emane ing Indonesia pangakuan mring kaprigelane wong durung kaya ing negara maju kang oleh layang palilah (sertipikat) pangakuan tumraping kaprigelan. Ananging iku aywa nganti ndadekake kita ora terus ngasah kaprigelan.


Perlu kita gatekake kaprigelan kang kita duweni. Kadyadene peso, kaprigelan kita uga kudu diasah supaya sangsaya ahli. 

Lamun kita wus dadi ahli, prayogane keahlian iku kita pigunakake kanggo kabecikane wong akeh. Tumandang ing gawe aywa hamung mburu bayaran bae, kang luwih utama lan mulya kepriye bisa ndadekake berkah kanggo wong akeh.


JM, lingsir kulon, 120221

       dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN