KRITIK

     kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2925136614432123&id=1684548218490975

Biasane manungsa ya wiwit jaman kawitan ora seneng dikritik/ diwaoni/ diwada/ disaruwe.

Wong kang dhemen mring kritik, gelem diwaoni apa kang ditandangi iku mratandhani watak wicaksana lan andhap asor bebudene, dhuwur lan jembar kawruhe, kebak welas asih. 


Senadyan mengkono ora kabeh kritik bisa agawe kabecikan, kang bisa kapilah ana loro :

1. Kritik ambangun, yaiku kritik kang migunani kang ngandhut pepeling kakurangan apa kang ditindakake dening kang disaruwe sarta menehi dalan carane ngrampungake, uga temtune panyaruwene kanthi sopan.

2. Kosok baline kritik kang anane mung ngelek-elek, nacad tanpa bukti lan ora ana carane ngrampungake, ngumbar ujar kabencian, iya kaya ngene iki kritik kang ora prayoga.


Krana mengkono iku kang ana rong jinis kritik, mulane perlu ana tatanan kang maton utawa gumathok kanggo runtut lan rukune urip bebrayan ing tengahing masarakat sabangsa. 


Negara sayogya campur tangan agawe paugeran tumraping pranatan kang adil lan bisa tinampa dening sakabehing warga nagara wiwit saka ndhuwuran pandhegane pamarentah tekan masarakat wong cilik. Sapa bae kudu nurut mring pranatan kang wus padhadene disarujuki sacara sah awujud undhang-undhang. Ing sangarepe ukum kabeh warga nagara ndarbeni hak lan kewajiban padha, ora pilih-pilih. Ateges klebu hak kamardikan ngandharake panemu temtune mardika ing wewengkone tanggung-jawab.


Kritik iku perlu! kanggo ngenerake rodha pamarentahan supaya mlaku luwih becik kanggo kapentingan bebarengan kamajuane bangsa sarta wutuhing negara - NKRI.


JM, lingsir wengi, 21221

         dening eNPe



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN