MAKARYA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2919615394984245&id=1684548218490975
Wiwit katitahake, manungsa nduweni darmaning urip yaiku makarya / nyambut gawe. Kawuningana manungsa sepisanan (Adam & Kawa) kapapanake ing taman Eden kadhawuhan ngreksa lan ngolah palemahan Eden. Krana mangkono manungsa kena diarani pangudi-daya (pengusaha, bs Ind.)
Minangka jejering pangudi-daya ateges tandang gawe ngupaya ing pakaryane iku bisa oleh piguna kanthi asil kang migunani. Ora ana apa bae kang ana ing sangisore langit bisa nemtokake uriping manungsa. Manungsa marga saka uripe wus sarwa kacukupan ora ateges njur ongkang-ongkang bae nganggep apa kang didarbeki ora bakal entek.
Apa kang diduweni saiki iku jalaran asil upayane pirang-pirang taun kepungkur. Ewasamono manungsa kudu ngreksa kanggo uripe ing tembe ngarep iku wus mujudake garising urip.
Kita prelu methik andharan ing ndhuwur kanthi ngresepi dene makarya utawa pangupaya ing gawe iku mujudake darmaning urip. Krana mangkono kita bisa ngresepi luwih becik ing sawijining pagawean kang kita ayahi.
Ora bisa diselaki, sajroning kita ngayahi gawean ora luput saka ing sawernane pacoban lan reribed. Saka pangalaman kang wus kelakon iku pigunakna kanggo oleh paedah bisa luwih becik ngrampungake sawernane krikil-krikil supaya ora mlesetake nanging malah bisa luwih prigel lan sampurna.
Alangan bisa nyaranani dadi gaman, dudu ancaman! tegese, kita disurung kanggo ngupayaake panemon-panemon anyar kang wusanane bisa mikolehake kabecikan. Samangsa isih ana wektu cukup kanggo tandang gawe sawernane bab, prayoga tandangana sabisa lan sakuwate, aywa diendhe-endhe!
Sumangga!
SEMANGAT! SEMANGAT!
MAKARYA, MAKARYA lan MAKARYA!
JM, bangun esuk, 130221
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar