NIKMATING DONYA NGGODHA NALA

     kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2921873908091727&id=1684548218490975

   Nikmating donya nggodha nala,

   milut kita datan rinasa,

   sakabehing iku tan piguna

   amung nggendeng mring kunjara.


   Polah tingkahing manungsa,

   padha nerak tatanan nagara.

   Kawistara ing saben dina,

   ngunthetke narkoba luru arta.


   Payo buwanga sengsemira,

   wit iku panyidra lan pamblasar,

   ninggala dosa lan duraka,

   bakal agawe urip sira ambyar.


   JM, esuk kekes, 16221

             dening eNPe





Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN