SININGID PUCUKING LURUNG

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2911872752425176&id=1684548218490975

Siningid pucuking lurung, wus meh utawa isih adoh,

aku kinanthi Astane Gusti m'yang negri kang datan dak ngerteni,

Gusti, persudi kawula ndherek, punapadene kersa Paduka,

datan rangu lan kuwatos, kapitadosan mantep lan tetep teguh.


Sinaosa tindak Paduka sadaya siningid tumrap kawula,

jiwa kawula iba tinuntun lan memuji Sih-tresna Paduka,

Nadyan samangkya tan tiningal, ing tembe kawula tamtu bagya-mulya,

awit pepadhanging Paduka tiningal kamulyan ta.


JM, lingsir ratri, 02221

       dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN