SAKANTINING CAHYA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2920517081560743&id=1684548218490975
Sakehing wong urip ing kamlaratan,
nandang sangsara datan sih katresnan
Iba akehing pra kadang ing pangungsen
uripe sarwa kaancam ing ruwida.
Abyore cahya nyumingkirake lelimengan
semburat endah warninya
Donya nggegirisi peteng ndhedhet
angangen cahya asihing Hyang Suksma.
Cahya padhang kita uga padhang
aywa lena, padhanga jroning driya
gumelar ing nala kebak trang
anyengkuyung gesang samya.
Aywa giris ing lurung kang limeng
sakantining cahya ngripta rasa tentrem
berkah cahyaning Gusti sinung yekti
kababar ing gesang kula niki.
JM, ngahad_kekes, 14221
dening eNPe
sorogan :
sakanti = sumorot
sakantining = sumoroting
Komentar
Posting Komentar