MAKLUK_SOSIAL

  kkapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2917489698530148&id=1684548218490975

Ana paribasan, kang surasane, "Akeh olehe lumaku, akeh uga kang sinawang", ngemu teges uwong kang seneng lelungan temtu akeh pangalaman lan kawruh kang bisa ditemokake.


Lelungan utawa mlaku-mlaku nduweni paedah kang becik. Senadyan mangkono temtu lelungan kang ora angger lunga bae, perlu petungan menyang ngendi kang dituju aman apa ora lan adoh cedhake. Lelungan bisa mujudake kanggo tugas dhines uga lelungan plesiran barengan kulawarga lan para tepungan. Bakune kabeh mau maedahi tumraping dhiri pribadi, kulawarga para tepungan liyane kanthi agawe senenge ati sarta nyegerake rasa lan pikir. 


Manungsa minangka titahe Gusti klebu riptane Gusti kang mbutuhake sesrawungan karo sapepadhane ora bisa urip dhewe (makluk sosial). 

Mulane ing kahanan saiki sing lagi ngadhepi pageblug Covid-19 ya ora maido yen pancen angel ngajak masarakat nindakake pakulinan tatanan urip anyar ora ngumpul-ngumpul bebarengan lan njaga wates ing antarane siji lan sijine. Nyuda lelungan kejaba yen pancen prelu, iki sing ora gampang kejaba bosen nang ngomah bae uga akeh warga masarakat sing kudu golek pangan ing saben dinane, yen ora ya ora bisa mangan!


Sumangga! mugya Gusti Kang Kagungan Gesang tansah angaubi lan nuntun lampah kita nebihaken sing memala lan bebaya... Amin 🙏


JM, parak esuk, 100221

      dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN