GINARISE GUSTI KANG ELOK DHEWE
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2911698092442642&id=1684548218490975
Samangsa pepinginan kita durung/ora katurutan, ingkene sejatine Gusti Allah ngersakake supaya kita sabar/sranti ngenteni.
Samangsa duhkita/kasedhihan njalari tumetese eluh, sejatine Gusti Allah ngersakake supaya kita tetep mesem awit pinaringan panglipur.
Rikala tumapaking urip krasa mbosenake, sejatine Gusti Allah ngersakake supaya kita tetep nduweni rasa sokur.
Kita nduweni rancangan, ginarise Gusti iku elok/endah.
Ewasamono, senadyan kaya ngapa bae rancangan kita gawe, lamun ginarise Gusti iku kang becik lan sampurna dhewe tumraping kita.
Elinga..,
Gusti Allah tansah paring :
- kaluwihan sajrone ana ing kekurangan.
- kakuwatan ana satengahing karingkihan
- panglipur ana satengahing duhkita
- pangarepan ana satengahing rasa mutung.
Yakin lan pracayaa,
kabekjan lan kabagyan bakal tumeka uga ing titi wancine saturut karo kang dikersakake dening Gusti minangka ginarise Gusti.
Mula ora ana alesan kanggo noleh lan mlengos saka pangayunan-Ne.
Sumangga!
JM, sirep jalma, 01221
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar