TAN WINATES KATRESNANE IBU
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2912785485667236&id=1684548218490975
Ana pasangan kakung putri sugih banget... nalika mlebu omah mrangguli ing kamar dhahar reged banget lan ngganda kurang sedhep mambu banger.
Ing pojokan meja dhahar katon ibu kang wus sepuh lagi reresik nyapu.
Sang ESTRI, kanthi sora lan sereng nggetak ibu sepuh iku : "Iki temtu jalaran ibu, kan...!? Ibu ngompol nang jogan ya...!?"
"Deleng iku, meja reged... panganan pating kececer ing jogan ... wadhuuuhh!! (karo nesu muntap) ibu... ibuuu!!.."
"Iki omah dudu gudhang bu..!!!"
Sang GARWA kakung celathu :
"Wis wis ta jeng... aja nggetak-nggetak Ibu kaya ngono iku, mesakake... Ibu wus sepuh.."
Sang Estri : "Ora bisa kaya ngene terus mas... Coba yen ujug-ujug ana tamu rak ya ngisin-isinke ta??? Luwih becik sesuk kita gawa ibu nang panti jompo..!"
Sang Garwa : "Aja jeng....! Iku rak Ibumu dhewe... mosok iya tega-tegane nggawa nang panti jompo..?"
Sawuse Ibu Sepuh digawa menyang panti jompo, sang Estri reresik kamar Ibune....
Sangisore kasur tinemokake buku kucel kertase wus rada semu kuning bruwet.
Dheweke ketarik, kok ana poto dheweke wiwit cilik, remaja tumekane diwasa, ing kaca ngarepan ana tulisane irah-irahan (judhul) :
"PUTRIKU PEPUJANING ATIKU"
Sang Estri sanalika ndeprok sawuse maca seratan Ibune iku, ing antarane unine mangkene,
"Murwakani dina lan tanggal laire, aku nglairke putriku... arepa krasa lara karo dleweran getih.. aku bombong marem bisa duwe anak"
"Ya, aku bombong bisa ngudidaya tanpa bojo sing wus mengker ndhisiki aku"
"Dak openi kanthi kebak katresnan... dak gedhekake mawa sih katresnan... dak openi mawa dleweran kringet."
"Kelingan uga nalika numpak angkot arep nang klinik saprelu imunisasi.. dheweke rewel njur dak susoni ..aku ora krasa isin... malah ujug-ujug dheweke mipisi aku... ning ya wis dimen bae aku tetep seneng.
Ujug-ujug putriku watuk-watuk... mutah-mutah... lan nelesi rokku."
"Dina kuwi rasane endah... nadyan aku teles dening pipis lan wutahane... aku tetep mesem ora ngersula."
"Kedadean kaya mangkono bola bali wus kadya padatan bae.
Aku ora nggape apa sing diomongke wong-wong ing jero angkot... anggere putriku bisa terus sehat.. iku kang utama kanggoku."
Sang Estri, sinambi maca.. mripate wiwit kembeng-kembeng eluh... atine krasa perih ... sedhih.. sesak dhadhane.
Dheweke bengok-bengok... gero-gero...
"Ibuuuu.... ibuuuuu..!!" karo menyat mlayu nyang garasi.
Sang garwa gaget.., lan pitakon : " Kenapaa jeng... ana apaa..???"
wangsulane sang estri : "Aku kudu nggawa bali ibuku!"
Dumadakan.., kriingg...! tilpon muni... ditampa sing kakung...banjur..,
"Tulung bapak lan ibu enggal rawuh ing panti saiki uga... cepet pak!"
Kakung putri karo kesusu budhal... Nalika mlebu panti, katon sarirane Ibu sepuh wus lemes tanpa daya lagi diupakara dhokter.
Sang estri sanalika njerit seru karo nangis ngempet eluh.. "Ibuuuuu....!!" Ibune lemes ngupaya ngekep putrine karo mbisiki alon dleweran eluh... "Anakku... Ibu bombong duwe kowe ndhuk... kabeh katresnanku mung kanggo kowe nak.. Apuranen Ibumu saaaayaanngg" (karo nlakupke mripat)
Sang Ibu unjal ambegane wus mengker seda kanthi tentrem.
Putrine ya sang putri nangis gela keduwung..!!!
"Ibuuu.. ibuu.. dalem nyuwun pangapunten... dalem lare duraka dhumateng Ibu... sampun puntilar dalem buuu.."
Ing crita kang bisa kapethik,
iba gedhe sih katresnane ibu.. TAN WINATES KATRESNANE IBU marang para putra-putrine!
Para kadang kinasih, apa isih sugeng keng Ibu lan Bapak?
Dene yen isih sugeng, prayoga gematenana lan tresnanana kanthi gumolonging ati awit iku wujud bekti kita kadya kang kadhawuhake dening Gusti Allah.
Sumangga!
JM, madya raina, 03221
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar