Postingan

KAWICAKSANAN IKU AWEH PANGAYOMAN

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3065927003686416/ Wong urip ing donya kudu wicaksana; nduweni kawicaksanan mono becike padha kaya nampani warisan, merga kawicaksanan kuwi aweh pengayoman, ora beda karo kasugihan. Kawicaksanan ngreksa uripe wong kuwi dhewe. Nitenana pakaryane Allah, apa ana wong sing bisa nglencengake barang sing dititahake bengkong dening Allah? Ing mangsane ngalami kabegjan, bungah utawa nandhang karubedan, elinga yen kabegjan lan karubedan kuwi sekarone Allah kang nitahake. Kowe ora ngerti apa sing bakal kelakon ing tembe. Pranyatan ing ngarep iku ngemu pituduh dene samubarang uriping manungsa iku wus ginaris apa kang dadi rancangane Sang Hyang Widi. Amung bae kita kudu wicaksana anggone ngayahi darmaning urip, nyadhong panuntune Gusti temahan nora mlenceng lan tansah lumaku ing ener tumuju dalan kabenerane Pangeran Gusti Kang Maha Wasesa.  Sugeng enjing para sutresna PBJ, sugeng makarya ngayahi darmaning kulawar...

SAMUBARANG TITAH RIPTANING GUSTI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3065705230375260/ Pigatekna wit-witan ing ngare lan pakebonan, sadhengah sawernane manuk padha ngoceh sesautan, maneka warna iwak ing samodra, ing ngendi bae dununge kabeh pakaryane Gusti. Cahyaning rembulan, lintang ing satengahing ratri kang sepi, satengahing raina sang surya sumunar amadhangi jagad raya, mangsa ketiga lan rendheng lir gumanti mangsa semi, samubarang ing ngalam donya dumadine saka Sang Pangripta Gusti Kang Maha Kawasa. Samono uga manungsa titahe Gusti kang mulya, datan ana kang ketriwal, kabeh denNya rineksa, samubarang binerkahan dening Gusti, sinung kanugrahan kadya janji-satyaNya. JM, sirep jalma, 30821        dening eNPe

TRESNA MRING SAPEPADHA

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3046482545630862&id=1684548218490975 Tresna mring sapepadha klayan trusing ati yeku wujudira tresna mring negari lelabuh mring bangsa mrih lestari. Tresna mring sapepadha tan mawang samesthi ngudi dhemokrasi klayan trusing ati bebedaning mring liyan den urmati. Tresna mring sapepadha kang kaesthi hak asasi manungsa binabar yekti adil dalah bebener den belani. JM, lingsir wengi, 5821       rinakit @eNPe

PAGEBLUG vs BADMINTON - rembugan warung kopi -

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3045120312433752&id=1684548218490975 Ing wektu samengko ing donya lagi ketaman pageblug kang nggegirisi. Jalaran 'virus corona' negara-negara ing salumahing bumi padha klabakan anane pageblug kang kondhang kasebut aran C-19. Pamarintah ora kurang anggone ngupayakake nedya nge-rim panyebarane 'virus' klayan werna-werna cara, ing Indonesia sing lagi kondhang yaiku PPKM - Pokoke_Padha_Kabeh_Mandheg - 🤣😂 ajwa lelungan dhisik yen ora perlu banget, lan Para_Punggawa_Kudu_Maskeran 😷😷 La iya kabeh negara padhadene umyek dhewe-dhewe nganti pagelaran Olimpiade kang rancangane taun 2020 kepeksa diundur setaun. Lamun kita pigatekake ing giyaran samengko iki ana sing kurang yaiku ora ana sing nonton, padatan stadion kebak pamiyarsa saka saben negara lan sorak-sorak saiki swasanane sepi. Yen disetiteni kanggone masarakat Indonesia sing miluta pamiyarsane giyaran badminton jalaran salah sijine ana pasangan atlit b...

PRASETYANE GUSTI IKU TANGGUH

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3037678096511307/   Yen praharaning urip anrajang, lan pageblug anyerang ngreribeti, mung sajuga pengarep-arepmu, prasetyane Gusti iku tangguh amayungi lan angampingi  ing samargi-margi. Nadyan arga padha jugrug pereng-pereng kabeh padha oyag, nanging kasetyane Gusti ngayomi, rumeksa jer jiwamu tetep kukuh ngendelna prasetyaning Gusti, aja nganti uwal siyang klayan ratri. Singkirna wedi lan kuwatir, nadyan ardi padha gumingsir, tengger-tengger padha gonjing, iba kasetyane Gusti ngayomi Gusti kang amengku gesang den lanting sira saka jurang kasangsaran. JM, esukgumregut, 24721          dening eNPe

TETEP SETYA

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3036889739923476/ Penggalihe ibu minangka wong tuwa bisa kapesthekake sedhih lan nelangsa banget dene putrane kang dilairake lan diopeni nganti gedhe samangsa wiwit diwasa kok malah mbrengkele ora mbangun turut . Saliring ibu wus samesthi angajap putra-putrane padha nresnani lan bekti nganti dirga ing yuswane. Semono uga Gusti Allah kang tansah ngreksa lan amengku umat manungsa jroning uripe, malah krana Sih-Kadarmane Gusti nylametake lan paring rahayu saka ing sawernane reribed.  Iki wujud janji Allah sajrone pakaryan Karahayon mring umat kagungan-E. Ewa samono manungsa padha nyelaki janji Karahayon lan panuntun kang kaparingake Gusti. Gusti ngersakake umate bali marek mring panjenengan-E supaya ora sangsaya mblasar uripe. Mula saka iku Gusti ngelikake lan nandukake ganjaran mring umate. Sawernane ganjaran sangsaya suwe sangsaya abot. Kawuningana, dene Gusti awit saka Sih-Katresnane datan nate nilar...

RATU ADIL SANYATA

   kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3036178969994553&id=1684548218490975 Sang Ratu Adil sanyata sestu badhya prapta sinung tentrem raharja tumrah mring sagung manungsa Mbengkas bebendu pati,  ngenggalaken budi amrih adil kang sejati  sumrambah salumahing bumi Ngrumentahaken sih rahmat  dimen samya mratobat mring saliring tyang ingurmatan ngangkat drajad kamanungsan Binabar kasetyanta mring saliring umat manungsa dalah kita linuwaran samya sing bebendu lan bramantya JM, esukkrekeb, 22721         rinonce eNPe

KAGÊM_PARA_ADIYUSWA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3034482406830876/   *Para ADIYUSWA supaya uripé lêstari prayoga lan raharja kudu nginggati : '4' (patang) NG :*  *1. Aja Nganggur..'*  ~ Sênadyan wis tuwa prayogané têtêp nindakaké pakaryan.. apa waé.. thak-thik thak-thik ana gawéan lan ana kêgiatan. Bab iki supaya pikiran ya mlaku têrus.. marak'ké ora gampang pikun. Déné ragané ya isih têtêp bisa diobahaké ora lêmês lan ora kaku. *2. Aja Ngaya..'.* ~ Tegês'sé :  makarya ya makarya, nanging sabisané.. sakuwaté.. sakpénaké.. sacukupé. Kudu éling yèn piyé-piyé awaké wis lungsé.. wis ora kuwat kaya nalika enom. Sa kuwat-kuwat'té manungsa... Apa manèh wis Adiyuswa mêsthi ana watês'sé. Mula aja ngaya anggoné makarya.... uga yèn olah raga uga samadya waé.. yèn wis krasa sayah kudu lèrèn.. bèn jantungé ora kabotan. *3. Aja Nglokro..'.* ~ Sênadyan uwis tuwa... nanging aja nganti nglokro.. rumangsa wis ora kuwat.. wis ora murwat.. wis ora k...

KEKUNCEN PALING SUWE (Palwa Nabi NUH)

  kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3033303263615457&id=1684548218490975 Kita kabeh wus kenal critane Nabi Nuh kang kekuncen (kabetheng) ing jeroning palwa suwene luwih saka 8 wulan bebarengan saanak putu dalah sakulawarga kabeh pinilih dening Gusti Allah ora keri uga kewan-kewan pilihane. Udan deres 40 dina 40 wengi, banjir-bandhang ngebaki salumahing bumi suwene 150 dina. Nabi NUH kudu ngenteni 40 dina maneh, bumi isih durung asat. Nuh nunggu 7 dina tambah 7 dina maneh gunggunge 244 dina dadi ana 8 wulan luwih. Nuh bosen? Ya mesthine! Nuh kuwatir? Ya iya! .. la ing njaban palwa banjir-bandhang gedhe banget. Ananging, nabi Nuh ora sesambat, ora ngersula lan tetep sabar, jalaran panjenengane nyumurupi lan pracaya Gusti Allah, yen kekuncene ing jeron palwa iku, Gusti ngersakake nylametake saka banjir-bandhang gedhe sing lagi anrajang bumi. Gusti angayomi nabi Nuh dalah kulawargane kabeh jalaran panjenengane pracaya lan manut ngestokake dhawuhe Gu...

APA SLIRAMU PRACAYA AKU ??

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3032184780393972/ Kacarita ana sagarwa kakung-putri kang padha nyawiji ing sih-katresnan. Amung bae loro-lorone beda banget sipat watake. Sing kakung anteng lan sabar banget, nadyan lagi ngadhepi swasana kang ndrawasi. Sisihane suwalike gampang banget mbingungi lan muntap kanepsone masiya amung bab-bab sepele. Sawijining dina piyayi loro mau lagi lelungan numpak kapal. Wus pirang-pirang dina ana ing tengahing samodra. Dumadakan, teka prahara angin gedhe, kapal gonjang-ganjing katrajang gulungan ombak. Sing putri ora kuwat nahan awake dhewe, bengok-bengok mbingungi. Dheweke enggal nemoni sisihane kanthi pangajap bisa oleh pituduh kepriye carane nylametake awake saka bebaya pati sing lagi diadhepi. Kabeh sing numpak kapal ora beda kaya apa sing dialami sisihane mau. Sing putri iku kaget banget, eee.. lha kok sisihane enak-enak lungguh kalem kaya adade. Dheweke tambah nesu ndakwa yen sisihane ora preduli lan...

KAJUJURAN

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3029763283969455&id=1684548218490975 Ana wong kang nembe ngalami PHK saka gaweane. Jalaran mbutuhake wragad kanggo nguripi kulawargane dheweke ngudidaya golek gawean anyar. Ewasamono uwong iku ora kok ngluputake Gusti Allah, nanging pracaya dene Gusti kagungan rancangan kang becik kanggo panguripane ing tembene. Dheweke wiwit nglamar gawean ing sawijining perusahaan. Kepala HRD sawuse mriksa klawan setiti lembaran-lembaran layang lamarane lan wawan-rembuk sacukupe, njur ujar, "Sliramu anetepi apa kang dibutuhake, malah ora amung ditampa dadi punggawa bae, sliramu uga bisa anetepi kalungguhan minangka Kepala Cabang. Apa sliramu saguh?" Sadurunge wong iku mangsuli, Kepala HRD mbacutake, "Nanging ana siji kang kudu bisa kok saguhi."  Sanalika wong iku semburat seneng lan enggal mangsuli, "Inggih, kula sagah menawi pancen kula saged ngayahi kanthi temen." Kepala HRD nyauri, "Sing kudu kok...

SAWUSE ONCAT SAKA ING PEPETENG BAKAL MLETHEKAKE PEPADHANG

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3029483707330746/ Reroncen nawala kang ditulis RA Kartini ing buku kanthi irah-irahan "Habis Gelap Terbitlah Terang" mratelakake dene saben manungsa mesthi padha ngalami wektu-wektu rekasa, rasane kaya ana ing palimengan, lan sawuse iku, gumanti wanci tumekane kabagyan lan karahayon kang dadi pletheking pepadhang. Sajroning  kaanan pageblug C-19 kang lagi anrejang donya iki, nuduhake donya ana ing swasana duhkita, akeh mitra-kadang, sedulur lan tetepungan kita ngalami kasangsaran sacara kesehatan uga ekonomi malah ora sethithik kang padha pralaya, iba mrihatinake. Ewasamono, pracayaa dene Gusti Allah wus sumedya lan bakalan mbabarake pepadang. Mula saka iku aywa kuwur  lan sumelang dene nalika ing kaanan kang sarwa rekasa ndadekake kita ragu kadya wong-wong kang ora pracaya urip ing pepeteng. Ayo kita gumregah anambut pepadang saengga kamulyaning Gusti tansah binabar ana ing urip kita sabanjure....