KAJUJURAN
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3029763283969455&id=1684548218490975
Ana wong kang nembe ngalami PHK saka gaweane. Jalaran mbutuhake wragad kanggo nguripi kulawargane dheweke ngudidaya golek gawean anyar. Ewasamono uwong iku ora kok ngluputake Gusti Allah, nanging pracaya dene Gusti kagungan rancangan kang becik kanggo panguripane ing tembene.
Dheweke wiwit nglamar gawean ing sawijining perusahaan. Kepala HRD sawuse mriksa klawan setiti lembaran-lembaran layang lamarane lan wawan-rembuk sacukupe, njur ujar, "Sliramu anetepi apa kang dibutuhake, malah ora amung ditampa dadi punggawa bae, sliramu uga bisa anetepi kalungguhan minangka Kepala Cabang. Apa sliramu saguh?"
Sadurunge wong iku mangsuli, Kepala HRD mbacutake, "Nanging ana siji kang kudu bisa kok saguhi."
Sanalika wong iku semburat seneng lan enggal mangsuli, "Inggih, kula sagah menawi pancen kula saged ngayahi kanthi temen."
Kepala HRD nyauri, "Sing kudu kok tandangi yaiku gawe lapuran palsu dhuwit mlebu lan metu, supaya perusahaan bayare pajek ora akeh. Apa sliramu nyanggupi?"
Satleraman katon wong iku pikirane bingung, ing jroning ati kang jujur pingin urip miturut dhawuhe Gusti, ing liya pikiran apa sing ditawakake iku mincutake, ing kene Iblis wiwit nggodha.
Wusanane dheweke mangsuli, "Nyuwun pangapunten pak, kula mboten saged nampi pedamelan punika."
Kepala HRD karo manthuk-manthuk ujar, "Oo.., ora usah kesusu mutusake, dak wenehi wektu seminggu meneh balia mrene aweh wangsulan".
Wong iku nuli mulih rembugan karo bojo lan anak-anake. Sakulawarga kabeh mupakat milih panetepan aweh wangsulan miturut dhawuh pangandikane Gusti, yaiku kaJUJURan.
Seminggu banjure dheweke bali ngadhep Kepala HRD, "Piye wangsulanmu?", pitakone Kep HRD.
Klawan mantep lan tatag, wong iku mangsuli, "Kula mbetahaken sanget pedamelan kangge wragad gesang kula sakulawarga, nanging nyuwun gunging pangapunten kula mboten saged nampi pedamelan punika."
Kep HRD karo Direktur Perusahaan sing ana sisihe padha pandeng-pandengan lan mesem sarta ngendika, "Mangayubagya ya, sliramu katampa mandhegani Kepala Cabang, aku pancen lagi golek uwong JUJUR kaya sliramu iki, ya sliramu wong kang dibutuhake!" karo nyalami mring wong iku.
UWONG KANG TETEP TEGUH LAN NJAGA KALUHURAN BUDI & JIWA BAKAL DIREKSA LAN DIBERKAHI URIPE DENING GUSTI.
MULA SAKA IKU, AYWA SUMELANG NETEPAKE PILIHAN ANA ING DALAN KABENERANE GUSTI KADYA APA KANG DADI PANGANDIKANE GUSTI.
JM, lingsir wetan, 13721
dening eNPe
Sumber kapethik saka ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10226429577194753&id=1503470400 (seratan bp Soepardi Pawiro)
Seseorang baru saja di PHK oleh perusahaan dimana ia bekerja. Karena kebutuhan keluarga yg mendesak dan hrs menghidupi seluruh anggota keluarganya, ia berusaha mendapatkan pekerjaan baru. Ia tidak pernah menyalahkan Tuhan atas apa yg terjadi, dan percaya bahwa Tuhan mempunyai rencana yg baik dibalik peristiwa ini.
Ia mulai melamar pekerjaan di sebuah perusahaan. Kepala HRD setelah meneliti berkas lamaran dan sedikit wawancara, mengatakan, " Anda memenuhi persyaratan, bahkan bukan saja diterima menjadi staf, Anda bisa menjadi pimpinan cabang. Apakah anda bersedia?". Sebelum orang itu sempat menjawab, Kepala HRD melanjutkan berkata," Tetapi ada yg hrs Anda penuhi". Sesaat orang itu senang dan langsung menjawab," Ya saya bersedia dan bila sanggup akan saya lakukan". Kepala HRD melanjutkan bicaranya," Yang hrs Anda lakukan adalah membuat laporan palsu pengeluaran dan pemasukan, agar perusahaan mendapat keuntungan banyak, karena setoran pajaknya menjadi kecil. Bersediakah Anda?".
Sesaat pikiran orang itu berkecamuk, di satu sisi ia ingin hidup sesuai firman Tuhan, di sisi lain tawaran itu sangat menggiurkan. Akhirnya ia menjawab," Maaf, saya tidak bisa menerima pekerjaan ini".
Kepala HRD mengatakan," O, jgn terburu buru memutuskan, seminggu lagi kembalilah Anda dan memberikan keputusannya".
Orang itu selanjutnya mendiskusikan dg istri dan anak2nya. Semua anggota keluarganya menganjurkan untuk memilih jawaban sesuai dg kehendak Tuhan.
Seminggu kemudian ia kembali menghadap Kepala HRD. " Apa jawaban Anda?", tanya kepala HRD. Dengan mantap dan yakin, orang itu menjawab, " Saya sangat membutuhkan pekerjaan untuk menghidupi keluarga saya, tetapi maaf saya tidak bersedia menerimanya".
Kepala HRD bersama Direktur perusahaan yg ada disampingnya pun saling pandang dan tersenyum dan berkata, "Selamat, Anda diterima menjadi kepala cabang, kami mencari orang JUJUR seperti Anda, dan Anda lah orangnya".
ORANG YANG MENJAGA KUALITAS ROHANI AKAN DIPELIHARA TUHAN. OLEH KARENA ITU, JANGAN TAKUT MEMBUAT PILIHAN YG BENAR.
( Sumber: MANNA SURGAWI)
Komentar
Posting Komentar