SAJRONING PEPETENG kidung #panglipur_driya

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3022879684657815/

Sajroning pepeteng ing donya, sumunar cahya minulya

amadhangi bangsa sajagad; sadaya nampi sihrahmat.

Rawuhe nyingkirken pepeteng; sirna wayangan ing pati.

Bumi nampani gesang langgeng, krana pepadhang nelahi.


Nadyan Paduka amberkahi, bandha donya angluberi,

sanyata datan maedahi; tan kwasa nentremken ati.

Datan ana gunging panenan nuwuhaken katentreman

tumrap wong kang nyingkur Pangeran; koncatan ing karaharjan.


Samangkya kita sukarena wonten ing ngarsa Paduka,

wit prasetya ingkang kinangsi wus babar wonten ing bumi.

Payo sujud mring Kang Maluhur, ngaturken pamuji sokur,

karana agunging panenan kagem bujana kaswargan.


(kapethik : KPJ 244)


JM, minggu enjing, 04621

         dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN