PRASETYANE GUSTI IKU TANGGUH

  kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3037678096511307/ 

Yen praharaning urip anrajang,
lan pageblug anyerang ngreribeti,
mung sajuga pengarep-arepmu,
prasetyane Gusti iku tangguh
amayungi lan angampingi 
ing samargi-margi.

Nadyan arga padha jugrug
pereng-pereng kabeh padha oyag,
nanging kasetyane Gusti ngayomi,
rumeksa jer jiwamu tetep kukuh
ngendelna prasetyaning Gusti,
aja nganti uwal siyang klayan ratri.

Singkirna wedi lan kuwatir,
nadyan ardi padha gumingsir,
tengger-tengger padha gonjing,
iba kasetyane Gusti ngayomi
Gusti kang amengku gesang
den lanting sira saka jurang kasangsaran.

JM, esukgumregut, 24721
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊