RATU ADIL SANYATA
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3036178969994553&id=1684548218490975
Sang Ratu Adil sanyata
sestu badhya prapta
sinung tentrem raharja
tumrah mring sagung manungsa
Mbengkas bebendu pati,
ngenggalaken budi
amrih adil kang sejati
sumrambah salumahing bumi
Ngrumentahaken sih rahmat
dimen samya mratobat
mring saliring tyang ingurmatan
ngangkat drajad kamanungsan
Binabar kasetyanta
mring saliring umat manungsa
dalah kita linuwaran samya
sing bebendu lan bramantya
JM, esukkrekeb, 22721
rinonce eNPe
Komentar
Posting Komentar