KAGÊM_PARA_ADIYUSWA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3034482406830876/
*Para ADIYUSWA supaya uripé lêstari prayoga lan raharja kudu nginggati : '4' (patang) NG :*
*1. Aja Nganggur..'*
~ Sênadyan wis tuwa prayogané têtêp nindakaké pakaryan.. apa waé.. thak-thik thak-thik ana gawéan lan ana kêgiatan. Bab iki supaya pikiran ya mlaku têrus.. marak'ké ora gampang pikun. Déné ragané ya isih têtêp bisa diobahaké ora lêmês lan ora kaku.
*2. Aja Ngaya..'.*
~ Tegês'sé :
makarya ya makarya, nanging sabisané.. sakuwaté.. sakpénaké.. sacukupé. Kudu éling yèn piyé-piyé awaké wis lungsé.. wis ora kuwat kaya nalika enom. Sa kuwat-kuwat'té manungsa... Apa manèh wis Adiyuswa mêsthi ana watês'sé. Mula aja ngaya anggoné makarya.... uga yèn olah raga uga samadya waé.. yèn wis krasa sayah kudu lèrèn.. bèn jantungé ora kabotan.
*3. Aja Nglokro..'.*
~ Sênadyan uwis tuwa... nanging aja nganti nglokro.. rumangsa wis ora kuwat.. wis ora murwat.. wis ora kanggo lan wis loyo.. Sênadyan wis tuwa nanging mêsthi isih piguna :
- piwulangé..
- pêngalamané..
- suwuk- sêmburé..
- pangêstuné.
Mula kudu têtêp sêmangat.. têtêp dadi berkah.. nganti puputing yuswa.
*4. Aja NGêmpêt..'.*
~ Têgês'sé :
- aja sênêng ngêndhêm rasa sing ora bêcik kayata :
- gampang nêsu..
- gampang sêrik..
- gampang mèri.
Kabèh rasa-pangrasa kudu diudhari kanthi jlèntrèh nanging sarèh lan sumèlèh.
Supaya sarana mêngkono ati ora mbatek lan pikiran uga ora 'strèss'.
*Prayogané atiné para Adiyuswa kuwi ngêtrêpna '3' (têlung) L :*
*1. LILA..'*
~ Ya'iku ekhlas ing sêmbarang prakara :
- yèn nindak'ké pakaryan..
- yèn wèwèh..
- yèn nulungi liyan..
Kabèh kuwi kudu kanthi ati kang eklas.. *sêpi ing pamrih kapêntinganing pribadi.*
*2. LÊGA..'.*
~ Têges'sé :
- atiné kudu jêmbar.. bisa nampa prakara apa waé.. dadiné ya ora gampang nelangsa utawa sêrik.. nanging gampang lilih.
*3. LEGAWA..'*
~ Teges'sé :
- bisa nampani kahanan kang tumama marang awaké dhéwé.
- narima ing pandum.. lan tansah ngucap sokur tumrap sa pêparingé Gusti kang Maha Agung.
*Mengkono para sêdulur.. utamané para kanca kang wis padha Adiyuswa, Sêmono atur sapala kagêm para jêngandika*.
*Muga-muga migunani..*
( *nuwun* )
🙏
JM, sirep jalma, 19721
(kapethik saka tulisan ing grup wa lan rinonce dening eNPe)
Komentar
Posting Komentar