KAWICAKSANAN IKU AWEH PANGAYOMAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3065927003686416/


Wong urip ing donya kudu wicaksana; nduweni kawicaksanan mono becike padha kaya nampani warisan,

merga kawicaksanan kuwi aweh pengayoman, ora beda karo kasugihan.

Kawicaksanan ngreksa uripe wong kuwi dhewe.

Nitenana pakaryane Allah, apa ana wong sing bisa nglencengake barang sing dititahake bengkong dening Allah?

Ing mangsane ngalami kabegjan, bungah utawa nandhang karubedan, elinga yen kabegjan lan karubedan kuwi sekarone Allah kang nitahake. Kowe ora ngerti apa sing bakal kelakon ing tembe.


Pranyatan ing ngarep iku ngemu pituduh dene samubarang uriping manungsa iku wus ginaris apa kang dadi rancangane Sang Hyang Widi. Amung bae kita kudu wicaksana anggone ngayahi darmaning urip, nyadhong panuntune Gusti temahan nora mlenceng lan tansah lumaku ing ener tumuju dalan kabenerane Pangeran Gusti Kang Maha Wasesa. 


Sugeng enjing para sutresna PBJ,

sugeng makarya ngayahi darmaning kulawarga, Gusti amberkahi 🙏


JM,  gagat bangun, 31821

        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN