PAGEBLUG vs BADMINTON - rembugan warung kopi -
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3045120312433752&id=1684548218490975
Ing wektu samengko ing donya lagi ketaman pageblug kang nggegirisi. Jalaran 'virus corona' negara-negara ing salumahing bumi padha klabakan anane pageblug kang kondhang kasebut aran C-19. Pamarintah ora kurang anggone ngupayakake nedya nge-rim panyebarane 'virus' klayan werna-werna cara, ing Indonesia sing lagi kondhang yaiku PPKM - Pokoke_Padha_Kabeh_Mandheg - 🤣😂 ajwa lelungan dhisik yen ora perlu banget, lan Para_Punggawa_Kudu_Maskeran 😷😷
La iya kabeh negara padhadene umyek dhewe-dhewe nganti pagelaran Olimpiade kang rancangane taun 2020 kepeksa diundur setaun. Lamun kita pigatekake ing giyaran samengko iki ana sing kurang yaiku ora ana sing nonton, padatan stadion kebak pamiyarsa saka saben negara lan sorak-sorak saiki swasanane sepi.
Yen disetiteni kanggone masarakat Indonesia sing miluta pamiyarsane giyaran badminton jalaran salah sijine ana pasangan atlit bisa ngrebut medhali emas.
Bali ngrembug bab pageblug. Duk semana wus pirang taun kapungkur donya uga nate kataman lelara kang nguwatirake salah sijine 'Flue Burung', nganti kewan ingon-ingon sing klebu kulawarga 'unggas' padha ketularan lan uga nular mring manungsa.
Coba upamane Flue Burung dadi kaya pageblug C-19 lan salah sijine kewan ingon-ingonan yaiku pitik padha mati kabeh, nganti para pangingon pitik klabakan, sing rugi ora amung pangingon lan tukang adol pitik, nanging kang luwih krasa sedhih para 'atlit badminton'... lho kepriye nalare ora mangan soto ayam ya ora papa kok!.... Piye jal.., yen nganti pitik sa-donya padha tumpes bisa blaen tenan kih para atlit badminton ora bisa main olah raga badminton la wong bal-tampel (cocks) regane bisa mlumpat dhuwur kadya katamplek 'raket'.. la piye ta wong ora ana wulu pitik maneh pabrik bal-tampel kepeksa padha tutup... hehehe.. tujune ora kedadean ya! 😄🤣
Mangga sinambi nyruput kopi ☕
JM, gagat bangun, 3821
dening eNPe
Penjelasan dlm bahasa Indonesia sbb
^^_^^ ¤¤~¤¤ ^^_^^
Dlm masa sekarang ini dunia baru dilanda pandemi yg mengkawatirkan. Ya sebab virus corona dunia klabakan karena virus yg terkenal dg nama C-19.
Pemerintah tidak kurang mengerem laju penularan virus dg beraneka cara, sala satunya adalah PPKM -Penerapan Pembatasan Kegiatan Masarakat-.
Senua negara padah ramai sibuk sendiri2 sampai2 gelaran Olimpiade yg semula rencan th 2020 terpaksa diundur setahun. Kalau kita perhatikan gelaran kali ini ada yg kurang yaitu tidak adanya penonton, stadion y biasanya ramai gegap gempita sorak sorai sekarang ini sepi.
Jika dicermati bagi masyrakat Indonesia yg memikat penonton adalah cabang bulutangkis karena ada pasangan atlit yg berhasil merebut medali emas.
Kembali membahas masalah pandemi. Sudah cukup lama beberapa tahun lalu ada wabah Flue Burung yg menggegerkan sampai2 binatang peliharaan yg masuk keluarga unggas padha ketularan dan juga menular ke manusia.
Coba kalau Flue Burung juga seperti wabah pandemi C-19 dan salah satu hewan piaraan yaitu ayam pada mati semua, sampai para peternak ayam kelabakan, yang rugi tidak saja peternak dan penjual ayam aja, tapi pemain badminton yg lebih sedih... la bangaimana bisa.. tidak makan soto ayam tidak apa-apa kok..?
Bagaimana coba..., jika ayam sedunia pada tumpas mati semua, berabe juga para atlit badminton gak bisa msin badminton lagi... bola-tangkis (cocks) harganya bisa melambung bagai tekena smes raket..! la iya gimana orang tidak ada lagi bulu ayam, pabrik cocks terpaksa tutup... hehehe.. untung tidak tejadii ya ..🤣😂
Mari sambil miinum kopi ☕
Komentar
Posting Komentar