SAMUBARANG TITAH RIPTANING GUSTI

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3065705230375260/


Pigatekna wit-witan ing ngare lan pakebonan,

sadhengah sawernane manuk padha ngoceh sesautan,

maneka warna iwak ing samodra,

ing ngendi bae dununge kabeh pakaryane Gusti.


Cahyaning rembulan, lintang ing satengahing ratri kang sepi,

satengahing raina sang surya sumunar amadhangi jagad raya,

mangsa ketiga lan rendheng lir gumanti mangsa semi,

samubarang ing ngalam donya dumadine saka Sang Pangripta Gusti Kang Maha Kawasa.


Samono uga manungsa titahe Gusti kang mulya,

datan ana kang ketriwal, kabeh denNya rineksa,

samubarang binerkahan dening Gusti,

sinung kanugrahan kadya janji-satyaNya.


JM, sirep jalma, 30821

       dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN