TRÊSNÅ ASIH IKU SABAR

   kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/1B79ArVDyc/

Trêsnå asih iku sabar, trêsnå asih iku lêmbah manah.

Asih iku nora sujanan, nora umuk lan kumalungkung, nêdyå ngalah.

Trêsnå asih iku sabar, asih iku gêdhe panarimane,

Trêsnå asih nora srakah, nora ngêmênke kabutuhane dhewe. 


Trêsnå asih iku sabar lan jêmbar pangêrtène sanyåtå,

andum sukå utåwå duhkitå sapêpådhå.

Nora mbedakake jroning manekå jinis bedå,

awit ing ayunaning Gusti, sadrajad samyå.


Trêsnå asih iku sabar, trêsnå asih iku kêbak pangapurå,

trêsna asih iku adõh ing kanêpsõn nora ngrantam nedyå maekå.

Sih katrêsnan iku endah, asih iku tulus ing driyå,

tansah ambêktå katêntrêman twin sukarênå.


JM, anganggit råså, 20725

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN