AJI LAN BIYUNGE SING KALALEKAKE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15XSBVUhCv/

Ana bocah lanang jenenge Aji, urip bareng karo biyunge ing desa cilik kang tentrem. Bapake wis kapundhut nalika Aji isih cilik, lan biyunge sing ngopeni Aji kanthi sabar lan tulus. Saben dina, biyunge dodolan sayur ing pasar kanggo nyekolahake Aji.


Suwening-suwe, Aji saya gedhe lan mundhak pinter. Dheweke banjur mangkat menyang kutha niate golek gawean. Aji olèh pakaryan sing apik lan uripe saya makmur. Nanging emane, atine Aji saya adoh saka biyunge, malah kepara wus nglalekake.


Nalika biyunge menyang kutha arep niliki anake, eee.... Aji malah isin lan ethok-ethok ora kenal.

> “Nyuwun pangapunten, Ibu. Kula mboten mangertos panjenengan sinten,” ujare Aji klawan nyenyengit ora ngenakake ati.


Biyunge mung mlenggong, ngempet sakit penggalihe lan muwun. Nalika biyunge bali menyang desa atine remuk kelara-lara, nadyan mangkono tetep ndongakake anake.


Lumakuning wektu pirang taun kepungkur, Aji tansah urip ing kutha, nanging atine ora nate tentrem. Saben wengi, dheweke tansah ngimpi biyunge nangis. Aji wiwit rumangsa salah, nanging isin arep mulih.


Nganti sawijining dina, Aji ketaman lara nemen. Kanca-kancane ing kutha padha ninggalake. Ing wayah sepi, Aji nangis lan ndedonga marang Gusti Allah :

> “Dhuh Gusti… kawula sampun damel dosa ageng dhateng biyung kawula. Nyuwun pangapunten... paringana kawula wewengan wekdal kangge nebus dosa kawula...” 🙏


Ora suwe sawise iku, kahanane Aji saya luwih apik. Kanthi ati trenyuh, Aji netepake mulih menyang desa.


Nalika tekan desane, Aji mrangguli biyunge wis ringkih lan tansah nggoleki Aji saben dina. Aji nuli enggal lungguh ing dhipan lan nyekel astane biyunge,

> “Ibu… nyuwun pangapunten. Kula lare durhaka, sampun ngesupenaken dhateng panjenengan…”


Biyunge melekake paningal, mesem, lan ngendika lirih :

> “Aji... kowe wis bali, Nak… Ibu wis suwe ngapura awakmu…

Aji nangis kenceng gero-gero lan ngungkep-ungkep ing dhadhane biyunge. Dheweke banjur mantep manggon ing desa lan ngopeni biyunge nganti tumekane pungkasan umure.


📜 Piwulang kang bisa kapethik,

Aja dadi Anak Durhaka nganti nglalekake apa meneh nganti nyia-nyia marang wong tuwa. Senajan wis lali, kasunyatane wong tuwa iku tansah ngapura lan ndongakake kabecikan kanggo kamulyane anake.


JM, bangun esuk, 12725

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN