KI SADA WANGI dongenging wong wicaksana

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1ArJQrxPgj/

Ing perenging gunung Sumbing, ana sesepuh wicaksana jejuluk Ki Sada Wangi. Dheweke urip samadya nanging dieringi lan diurmati, jalaran tansah mbiyantu warga mawa pangobatan tradisional, pitutur lan elmu kanuragan.


Pendhak dinane, warga teka lir gumanti, ana sing sakit, ana sing bingung oleh impen suker, ana uga sing kelangan enering urip. Ki Sada Wangi mbiyantu kang padha usada/jejampi klawan sareh lan sabar gawe rasa tentrem sarta tanpa pamrih. Senadyan umure wus sepuh, nanging badane tetep pideksa, lan saka anggane ngganda arum mula dijuluki Ki Sada Wangi.


Sawijining dina, ana bocah desa cedhak kono ilang ing alas pereng gunung Sumbing. Warga bingung lan golek pitulungan. Ki Sada Wangi melu-melu urun tetulung, migunakake olah batine lan bisa nemokake dununge si bocah, slamet ing jeron jurang kasaput pedhut.


Nalika kabar Ki Sada Wangi sumebar, teka Tumenggung Kerta, bangsawan sesongaran (angkuh) asal njaban tlatah Sumbing. Dheweke nganggep Ki Sada Wangi mung tukang sihir tuwa. Nuli Tumenggung nantang Ki Sada Wangi ngatonake kadigdayane ing ngarepe wong akeh. Nanging Ki Sada Wangi nampik, marga miturut panemune elmu ora kanggo dipamerake nanging diamalake.


Tumenggung Kerta kukuh ameksa, malah ngujuk-ujuki warga yen Ki Sada Wangi tukang sihir sing bisa gawe uwong manut karo Ki Sada Wangi. 

Ing wengi iku uga, datan dinuga ana bayu bajra gedhe teka saka arah puncak gunung Sumbing. Lemah horeg, wit-witan padha ambruk, lan sang Tumenggung ilang kasaput pedhut. Warga padha bingung, nanging Ki Sada Wangi tetep anteng, dheweke ndedonga lan ngupaya tetep sareh.


Kocapa esuke, si Tumenggung Kerta ditemokake lemes lan keduwung gela, dheweke ngakoni kaangkuhane nuli mratobat. Ki Sada Wangi ora nyimpen rasa kapidereng ngendhem memales, babar pisan ora mengkono. Dheweke mung ujar, "Gunung dudu dununge main-main kaangkuhan/umuk!"


Wiwit iku, warga sangsaya ngeringi lan ngurmati Ki Sada Wangi. Nanging kocapa esuk iku Ki Sada Wangi ngilang datan tilas, mung ganda arum kembang kenanga sing tinilar ing pondhoke. Warga kabeh mracayani yen Ki Sada Wangi ngrasuk lan dadi panjaga gunung Sumbing.


Eliding kang bisa kapethik, 

rahayu/begja wong kang duwe kawicaksanan lan pangerten/kapinteran, kosok baline aja meri marang kawasisane awit saka iku kang bakal njiret lan ngadoh lakune dhewe saka ing kaslametan.


Mangkono dongeng sing merakyat, ora ana gandhenge karo kapracayan, iku amung saderma dongeng hiburan kewala kang rineka-reka ngemu pangemut.


Salam tentrem rahayu kang tinemu

bagas saras kang linaras

Gusti amberkahi ... Aa_aamin A_aamin.. 🙏🙏

Nuwun, nuwun đŸ«°đŸ‘


JM, ngantyĂ„ ĂšsĂȘme radityĂ„, 15725

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN