MBAH SURIP DUWE WEDHUS AJAIB

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/14DwzcZxWND/

Ing sawijining dina, mbah Surip lunga menyang pasar karo wedhusé. Nanging wedhusé ora kaya wedhus biasa, jenengé Si Menda. Si Menda nduwèni padatan anéh: yen krungu lagu dhangdhut, geyal-geyol kaya njoged tayuban.


Sakdurungé budhal, bojone mbah Surip wis ngelingké,

> “Aja nganti mbukak speaker HP ing pasar, bisa-bisa Menda malah jogedan nang tengah pasar, ngisin-isinaké!

Mbah Surip mung manthuk, "Iya, ya Bu. Aku wis ngerti!"

Nanging ya kuwi, kakehan manthuk durung karuan ngerti tenan mbah Surip-e.


Tekan pasar, mbah Surip kepengin pamer. Dheweke nyetel lagu dhangdhut saka HP-ne. Lagu "Goyang Nasi Padang" nggembreng nyuwara. Menda langsung megal-megol, muter-muter, truss... jogèd kaya penyanyi dhangdhut kondhang!


Wong-wong pasar padha nglumpuk, ana sing ngrekam nganggo HP, ana sing nggeblak ngguyu kepingkel-pingkel nganti lali tuku sayuran.


Satpam pasar teka, ngucap sora :

> “mBah, iki pasar, dudu panggung hiburan!. Wedhus sampeyan arep melu lomba jogèd, pa?


Mbah Surip mung mesem,

> “Ora, Pak... Menda kuwi mung seneng goyang. Tak latih nganggo lagune Rhoma Irama kawit cilik.


Sidane, mbah Surip lan Menda ditanggap dadi pengisi hiburan ing hajatan warga. Saiki saben ana mantenan, tamu-tamu ora nunggu mantene, nanging nunggu kapan wedhuse jogèd. Mbah Surip karo ngethungke kupluke diwalik mider mubeng urut kiwa manengen karo aba-aba, "Bayarane saeklase kanggo makani Menda....!" trus mubeng nganti rampung salagu, rong lagu.


Mbah Surip saiki duwe gawean anyar, kanggo supaya wedhuse bisa luwih oleh kawigatene para warga, wedhuse bener-bener diopeni  pakane dijaga aja nganti kekurangan, malah kala-kala dicampuri endhog pitik kampung karepe ben tetep jos bisa njoged luwih mencutke. 🐐🐐


"Ayo njoged!.... njoged meneh.... yen ra njoged ra tak pakani!" ngono kudangane mbah Surip. 🐐💃


JM, parak esuk, 01725

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN