ESUK KANG ENDAH

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/v/14DpAMe6Q5o/

Ing wanci esuk kang mubyar, langit biru lembut soroting raditya mbrabas nembus gegodhongan. Ing ngarep sawijining omah ana kanoman priya ngadeg karo mesem tangane dhadha-dhadha..., "Sugeng enjing!.." sapa aruhe semangat.

Ing suwalike jendhela kayu, jumedhul kenya ayu, males sapa aruhe sinungging esem manis, "Sugeng enjing uga!.." wangsulane sumringah.

Ora let suwe, kanoman sakloron iku sarujuk mlaku-mlaku bebarengan. Petamanan cilik ing cedhak pomahan kono dadi tujuane. Ing sadalan-dalan sakloron mlaku sajajar sinambi ngresepi hawa seger wanci esuk.

"Seneng bisa mlaku-mlaku wong loro kaya ngene iki, jeng!", clathune si priya karo nglirik.

"Iya mas, aku uga seneng!", wangsulane sang kenya, mripate katon blalak-blalak bening sajak sumringah.


Ora adoh saka kana, priya kanoman iku nudingi sawijining bangku taman ngisor uwit kang edum, "Yuk, lenggah ing bangku iku!"

"Hehe heeee... Ayuk..!", walese kenya iku karo mesem ngguyu nyekikik.


Sakloron katon bagya sumringah lungguh jejeran, ngenteke nggremete wektu. Ocehane manuk, goyange gegodhongan kesaput sumilire angin ambagekake sapasang titahe Pangeran kang lagi ambangun tresna. Sidhem tentrem lagi rumesep jroning pangrasaning nala sakloron.

Eee.... dumadakan, diganggu ana bocah cilik nyedhaki sapasang nom-noman lanang wadon sing lagi nggrambyang ing alam pangangen-angene.

Hemmm... bocah cilik iku pancene ora ngerti, nyedhaki karo nggawa botol mineral nawake polos, "Mas, mbak..., mangga unjukane segerrr..!" đŸ«Ž

Senadyan rada kaget, sakloron mesem, nampani klawan sumringah karo ngucapake matur nuwun, priya kanoman iku njur ngelungke lembaran dhuwit. Sagelas ombenan samadya (sederhana) krasa nyegerake ing esuk kang tentrem.


Sawuse cukup ngaso, sakloron ngadeg lan bali mlaku bareng. Jangkahe entheng, atine krasa bagya.

Sajroning lumaku mulih, sang kenya ndhangak nyawang langit sing wiwit padhang karo ujar lirih, "Hemm... wanci esuk kang endah lan segerr!

Sakloron mesem bebarengan, ngejarke dina iku lumaku kanthi tentrem ayem lan pangarep-areping - muga sesuk bisa mbaleni tetep saendah kaya saiki.


JM, lingsir wetan, 18725

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]




Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN