URIP SEHAT ADOH SAKA MANEKA LELARA AWIT LINGSIRE YUSWA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19AbXvvTJN/
Miturut Dr. Wada (dhokter saka Jepang) manungsa sing ngancik yuswa 80 taun kagolong "Manungsa Begja", dene pesen-pesene supaya sinebut begja, mangkene :
1. Terusa lumaku lan ngobahake angga (olah sarira) supaya badan ora kaku kabeh.
2. Narik ambegan dawa lan jero nalika kita kacentok ing ati (tersinggung).
3. Ngombe banyu (cairan) sing akeh samangsa hawane panas.
4. Sering mamah nggayemi (ngunyah), badan lan utak/polo kita amrih duwe tenaga kekuwatan.
5. Singkuri lan sabisa-bisa ora prelu ngombe obat akeh-akeh.
6. Ora prelu banget-banget ngedhunake tensi (tekanan getih) lan kandhutan gula ing rah.
7. Tindakna apa sing kok senengi, dudu apa sing kok sengiti.
8. Apa bae sing kadadean, sakbisa-bisa aja amung ngurung dhiri nang ngomah bae, prelu nglodhangake wektu kanggo mlaku-mlaku.
9. Mangan apa bae sing kok senengi, anggere aja nganti kalemon.
10. Singkurana wong kang kok sengiti utawa sing nyengiti awakmu.
11. Yen ana lelara, tinimbang nglawan lelara terus-terusan, becik urip rukun anjajari bebarengan karo lelara iku.
12. Aja meksa ngaso/turu, yen kita angel turu merem.
13. Tansaha nglantih utak/pikir. Daya pengeling mudhun dudu jalaran umur, nanging merga ora dianggone utak jroning wektu suwe.
14. Nandangi bab-bab sing nyenengake luwih becik bisa nyaranani ngasah utak.
15. Uga prelu paring tuladha marang putra wayah bab kesabaran.
16. Terusa sinau lan sregep maca. Mandheg sinau bisa njalari rikate lingsir yuswa.
17. Aja gumunggung lan srakah, diprayogakake bisa nampa lan nikmati apa kang kok darbeki.
18. Narima apa anane mujudake hak istimewa kanggone kaum kasepuhan.
19. Tumindaka kabecikan kanggo paedahe wong liya.
20. Nglakonana urip kanthi sareh (kalem) lan samadya, dohna saka urip ngaya, nggrasang.
21. Duwe pepenginan (sing ora neka-neka) mujudake sumbering dirga ing yuswa (dawa umur).
22. Sangsaya akeh narik kawigaten daya pikir, sangsaya luwih akeh sing nyenengake.
23. Tansaha urip ing kahanan kang duwe pengarepan maju (optimis).
24. Aturan urip ana ing kendhalen kita dhewe.
25. Tampanana kabeh kanthi sareh, eklas lan kebak rasa sokur.
Mugya urip kita tansah ana ing kabagyan, sehat bagas saras lan dirga ing yuswa (dawa umur)!
sumber : unggahan basa Indonesia ing WA grup
JM, sirep jalma, 02725
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar