SACUWIL CARIOS PENSIUNAN -renungan enjing-

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1EzzewrGE1/

Sarwa pas-pasan sacara ekonomi kangge tumut reuni mujudaken salah satunggal perang batos ingkang awrat piyambak nanging nunjem ing 'rasa pangrasa' telenging nala tumraping sawetawis pensiunan.

Raos kepengin ndhatengi lan kepanggih malih kaliyan para mitra kadang lami asring winatesan manggihi cumpenipun dana.


Kinten-kinten makaten andharanipun perang batos, sisan minangka paring 'empati' lan tumut ngraosaken pangraos.


Perang Batos: Sarwa pas-pasan sacara ekonomi salebeting ndhatengi reuni tumraping pensiunan.


1. Kapenginan ingkang boten jumbuh kalian kamapanan.

Pratelan :

Salebeting manah, wonten raos kapang, kangen saged kepanggih, ngemuti samangsa kuliah, aben-ajeng kadang lami. Ananging, nalika nguningani ragad panginepan, tetunggangan utawi malah wragad urunan, pepenginan wau kedah punempet ...inggih, punika kasunyatan ingkang punadhepi/punajengi/punpanggihi. 


Swanten batos :

"Aku banget pengin teka, nanging aku kudu milih antarane salah siji utawa kabutuhan pawon minggu ngarep!"


2. Kuwatos pikantuk pitakenan lan raos boten kajen namung dados 'pupuk bawang'

Pratelan :

Gadhah raos kuwatos (cilik ati) pikantuk pitakenan-pitakenan ingkang ketingalipun entheng nanging awrat sangganipun, nunjem (nggrantes) ing nala, 'Sing penting teka ora usah mikir werna-werna.' kados boten saged punselaki.


Swanten batos :

>"Kena apa ora teka? lagi repot ya?"

"Kok ora gelem melu nginep bebarengan ing hotel..?"

_ kamangka wangsulanipun gampil nanging rekaos kaucapaken : "Aku ora sanggup melu jurung wragade."


3. Raos Minder lan raos pracaya dhirinipun kasruwe.

Pratelan :

Rikala rumiyin sabangku kuliah, samangke rumaos tebih ketinggalan sacara ekonomi.


Swanten batos :

>"Biyen kita padhadene mangan ing kantin, warung murah, gegojegan bab dhuwit caton wulanan. Saiki padha nunggang montor, dene aku numpak angkot/ojol menyang pasar."


Perang batos kados punika rekaos saged punmangretosi dening tiyang sanes ingkang boten nglampahi.

Kalamangsa kuwatos dipepoyok punwastani boten purun srawung, ananging sanes punika alesan kang gumathok boten purun tumut reuni, mbokmenawi punika ingkang boten saged punmangretosi dening tiyang sanes jalaran kawontenan ekonominipun ingkang beda (langkung mapan).


Kawontenan saben tiyang pancen benten-benten, mila prelu dipunbetahaken samidene njagi raos pangraosing manah, njagi pangraos amargi punika bab 'sensitip' ...."ahh iku gegedhen rumangsa wae kih..???"

Mugi migunani kangge bahan renungan!đŸ«°


JM, renungan dhiri, 04725

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN