MBUDIDAYA MENGKONI ING PIREMBAGAN
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/171jAcuY3C/
Mbudidaya mengkoni, nguwaosi, ngereh ing pirembagan punika mujudaken patrap kirang wicaksana klebet boten sae kang pikajengipun mbokbilih boten punrumaosi dening kathah-kathahing tetiyang. Sacara kajiwan, patrap makaten punika dipunjalari/dipunsebabaken nggadhahi pangraosing raos kirang 'pracaya dhiri' utawi gadhah raos sanget-sanget kuwatosipun.
Ngeyakini prakawis kang sampun sumebar (viral) senadyan dereng kantenan leres botenipun lan sajak angel punsrekal, pramila bilih angadhepi/manggihi lawan wicara sepintena yuswanipun, status sosial lan gelar, boten prelu mbudidaya nguwaosi salebeting pirembagan.
Ngemutana lamun dene wonten pitutur, "Sapa sing bisa mekak obahing lathi, iku kang duwe akal budi", mratelakaken sangsaya kathah tembung ingkang kaucapaken, sangsaya ageng bebayanipun anggenipun damel kalepatan, mila mekak obahing lathi kaprayogakaken patrap kang wicaksana.
Kita perlu nglelantih ngempet dhiri, nyukani wewengan wekdal (kesempatan) lawan wicara ngandharaken pamanggihipun, samapta nilingaken lan sumadhiya nanggepi sacara wicaksana klawan lembah manah, temtu mawa alesan-alesan kang gumathok. Kadya makaten, wusananipun saged piniji pundi ingkang leres tuwin pundi ingkang lepat boten prelu ngotot-ngototan.
Kawontenan kados makaten asring kita pirsani ing pirembagan wonten ing layar kaca (tv). Kadhang saged adamel gregeten saperangan pamiyarsa "piye ta iki kok saya nggladrah lan eyel-eyelan!"
Nuwun sewu para kadang sutresna, punika namung pamanggih kula asringipun kula ningali acara diskusi (pirembagan) kang pun gelar dening saperangan stasiun TV.
Nyumanggakaken.. đ«Ž
JM, ngantyĂ„ ĂšsĂȘme radityĂ„, 16725
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar