TATA CARA NANGKEP DURJANA -saderma kawruh umum-

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1B72rsPKpf/

Apa pulisi kudu nggawa "Layang Parentah Nenangkep" (Surat Perintah Penangkapan)?

Sacara kelumrahan (umum), YA! Pulisi kudu nggawa Surat Perintah Penangkapan yen arep ngrangket/nangkep uwong. Iki katata/katetepake ing 

> Pasal 18 ayat (1) KUHAP (Kitab Undang-undang Hukum Acara Pidana) : "Pelaksanaan penangkapan terhadap seseorang dilakukan oleh petugas panegak hukum (kepolisian negara Republik Indonesia) wajib memperlihatkan surat tugas dan memberikan surat perintah penangkapan kepada orang yang ditangkap, serta menjelaskan secara singkat mengenai perkara yang disangkakan …”

Iku ateges pancen wus ana landhesan ukume diatur ing Undhang-undhang KUHAP.

Ananging, ana ing sanjabane katemtuan, yaiku

Kepriye yen pulisi nemoni tumindak kadurjanan langsung ketangkep tangan?

Sajroning ketangkep tangan, pulisi kena bae nangkep tanpa Surat Perintah Penangkapan. Iki uga diatur ing KUHAP 

> Pasal 18 ayat (3) KUHAP:

Dalam hal tertangkap tangan penangkapan dilakukan tanpa surat perintah, dengan ketentuan bahwa penangkap harus segera menyerahkan tertangkap beserta barang bukti yang ada kepada penyidik atau penyidik pembantu yang terdekat”

Conto kedadeane mangkene,

Yen nalika pulisi lagi patroli lan mrangguli ana uwong lagi nyopet, jambret, begal lsp lsp., nuli pulisi nduweni wenang nangkep langsung tanpa Surat Perintah Penangkapan merga iku klebu tindak kadursilan ketangkep tangan.

Dene yen uwong kang ndhelik lan wus dadi buronan lan kedadeane wus sawetara wektu kepungkur, pulisi kudu duwe Surat Tugas lan Surat Penangkapan marang si durjana mau.


Para mitra kadang sutresna,

makaten kinten-kinten minangka saderma kawruh kang sampun mratah (umum) bab tata cara nangkep tumindak kadursilan, kadurjanan ing tengahing masarakat.

Nuwun sewu, bilih lepat nyuwun pangaksama.


JM, pungkasaning wulan, 725

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN