MONTOR MABUR WURUNG MIBER (ludrug sababak)
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16stDXQ59w/
Aku nemu tulisan ing latar akunku FB narik kawigatenku kathik lucu sisan, mula ben luwih nges aku pengin andum/ambage meneh nganggo basa Jawa ya (punten, dialoge diselingi nganggo ďhangdhut koplo 😝).
Kira-kira critane ngene :
Ngesuk mau montor mabur (pesawat) Garuda Indonesia tujuan Surabaya - Jakarta wis ancang-ancang arep miber ndadak nganggo wurung budhal, gara-gara swara ribut-ribut ana penumpang klas Ekonomi jenenge Saridin lagi sepisanan nunggang pesawat asale saka Bangkalan ngotot bin ngeyel pengin tetep lungguh nang kursi 2B klas Bisnis.
Alex (penumpang nomer kursi 2B iku) ujar, "Ngapunten pak, niki kursi kula!"
Saridin, "Sampyan sopo tah?"
Alex, "Aku penumpang pak sing duwe kursi nomer iki." karo nuduhke bording pas-e.
Saridin, "Penumpang??... aku iyo penumpang, dho-padho penumpang, dho-padho bayar.., ta iyeg..., gak usah tor-ngatorlah, enak ae rek!" 🫣
Alex njur lapuran nang Pramugari.
Pramugari, "Ngapunten pak Saridin njenengan kedahe lenggah teng kursi klas Ekonomi wingking ngrika pak.!"
Saridin, "Hah..! sampyan sopo tah?... kok lok-melok tor-ngator rek!"
Pramugari, "Kula pramugari pak."
Saridin, "Pramugari iku opo tah?"
Pramugari, "Pramugari niku sing ngladosi kepreluane para penumpang montor mabur.."
Saridin, "Ohh..., Babu yo!.. hemmmm.... ayu-ayu kok dadi Babu. melok aku ae ngko takpek bojo... ta iyeg!"🫰😍
"ntese gak usah melok ros-nguros penumpang! Kana nang mburi!, Babu tugase sah-asah piring! Aku wis nak-penak lungguh kursi dud-mendud kok diusir!... yok opo rek?!" 🤒
Pramugari judheg, kentekan akal terus lapur nang Pilot.
Pilot, "Pak Saridin, tiket njenengan kelase Ekonomi kedahe lenggahe ting wingking ngrika pak."
Saridin, "Iki yok opo meneh kok melok tor-ngator..! Genahe sampyan sopo sih..?"
Pilot, "Kula Pilot, sing nglakoke mibere pesawat pak."
Saridin, "Pilot..? pipi alot?.... oo Sopir tah.. tak kira sopo..? klambine yok seragam LLAJR, nganggo topi barang. Pokoknen aku arep tetep lungguh kene, moh pindhah..!... sampyan arep ngopo jal..!" 🫠
Ujug-ujug pak Matali (penumpang saka Medura) sing lagek mlebu pesawat krungu rame-rame njur nyedhaki Saridin karo mbisiki Saridin, dumadakan.... ajaib tenan kih... Saridin menyat ngadeg karo ngedumel, mel-ngomel. 😬
Saridin, "Dhasar sopir uwedaann, babu ra duwe utak, untung onok pak Matali, yen ora aku sido terjun ceblok seko pesawat kih...!..huhu huhuuu...." 🤪😜
Pilot gumun bin takjub karo pak Matali, "Wau disanjangi napa pak Matali, kok Saridin manut purun pindhah..??"
Matali, "Ohh.., wau kula taken, arep nyang ngendi pak Saridin?, dijawab arep nyang JAKARTA... wah sampyan salah lungguhe!.
Nek arep nyang JAKARTA kursine sing mburi kana, yen sing ngarep iki kanggo tujuan mudhun TUBAN, bene gampang nguncalke seka lawang pesawat."....hehe heheee??! 😜✌️
Pilot lan penumpang liyane dha ngguyu ngakak, ...kwk kwk kwkkk.... haha hahaaaa ... Saridin Saridinnn!?? 🤣🤣😂
JM, ludrugan konyol, 07725
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
sumber ref. https://www.facebook.com/share/p/19EX6c2WSu/
Komentar
Posting Komentar