MITRA SEJATI & MITRA RAKET
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Hpnu1acXb/
Memitran ora amung pasrawungan kang banget rumaket, nanging luwih saka iku ana pangorbanan, padhadene silih kapracayan, menehi pitutur sing kalamangsa rada sereng. Ana mitra raket ( sahabat) kadhang ngelingake kita mawa tembung-tembung sing ora nyenengake malah sok kepara kasar nanging sajatine dheweke lagi ngupaya nyingkuri bebaya marang kita kang bisa luwih bilaeni. Kosok baline, mungsuh kang nyalawadi bisa bae katone bisa gawe kita seneng nanging datan kinira blithuki lan jlomprongake bebaya kang bisa luwih bilaeni.
Lamun kita duwe mitra kenthel (sahabat) prayoga pracayaa marang dheweke. Senadyan dheweke katone ora ngerti apa-apa, paling ora, pigatekna pepelinge.
Matrapi mitra raket kanthi grapyak sumanak iku bab kang becik-becik bae, nanging kang luwih becik sing bisa kita wenehake marang mitra yaiku kapracayan kita. Krana mangkono memitran sejati bisa padhadene pasaduluran aweh kapracayan kanthi tulus, ya mangkono iku kang bisa kaaran 'Sadulur Sinarawedi' yaiku mitra kang rakete wus kepara ngluwihi sadulur.
Mula, atur panuwun lan mujia sokur marang Gusti Allah kang wus ngirimake mitra raket jroning kahanan kang lagi sumpek, jibeg pikir. Lan prayoga atur panuwun awit tekane mitra raket kang preduli mring kita.
Salam tentrem rahayu kang tinemu
bagas saras kang linaras
mugya Gusti amberkahi..... Aa_aamin A__aamin đđ
JM, gagat bangun, 22725
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar