RÊRÊPÈN SAMASTÅ

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16gN16FnZd/

Radityå esuk sumõrõt rêrêmêngan

tètès êbun nêlêsi gêgõdhõngan.

Angênku mungkur ngukur jaman 

jroning winêngku donyaning kauripan.


Ing sêlåning rèncèk kayu sumilir bayu

kêmricik lirih ilining kali tirtå

katêntrêman sidhêm sêtyå tuhu

ing gumlêgêre latar rat måyå.


Oh alam, têmbangnå marang aku

kidung trêsnå asih kang wêning èstu.

Tuladhanånå munjuk sokur sumungku

ing sabên wêktu kang mêrdu.


Abure pêksi anganggit akåså

megå jêjogètan ing cåkråwålå.

Aku kapêlêng sumungku ing ayunanNyå

rumångså ålå datan suwålå.


Ing sangisõr abyõre lintang

aku sumarah pasrah datan kêpalang.

Wit ing ayunan jagad råyå

sumadhiyå dununge aso jiwå.


  -Samastå, panggahå ngrêrêpi!-

    -salaminyå jroning laras ati.-

 

JM, anganggit råså, 06725

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN